Nulis Pidato
Nulis Pidato
Nulis Pidato
Micara
Micara
- madya ngoko
- madyantara
- madya krama
- Krama lugu yaiku basa krama kang wujud tembunge kabeh krama tanpa kecampuran krama inggil.
- Krama alus yaiku basa krama kang tembunge krama kacampur karo krama inggil.
http://yuyunsaja.blogspot.com/2010/08/materi-kelas-xi-1-6.html
Tuladha Sambutan (sesorah)
Assalamualaikum wr.wb
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.
http://yuyunsaja.blogspot.com/2010/08/materi-kelas-xi-1-6.html
Maca Pawarta
Paragraf Deduktif Induktif
Paragraf Deduktif
http://yuyunsaja.blogspot.com/search/label/MATERI%20BAHASA%20JAWA%20KELAS%20XI
JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA
Wayang

Jenis-jenis wayang kulit menurut asal daerah atau suku
- Wayang Jawa Yogyakarta
- Wayang Jawa Surakarta
- Wayang Kulit Gagrag Banyumasan
- Wayang Jawa Timur
- Wayang Bali
- Wayang Sasak (NTB)
- Wayang Kulit Banjar (Kalimantan Selatan)
- Wayang Palembang (Sumatera Selatan)
- Wayang Betawi (Jakarta)
- Wayang Cirebon (Jawa Barat)
- Wayang Madura (sudah punah)
- Wayang Siam (Kelantan, Malaysia)
Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan.
kang diumpamakake sipat, tindhak-tandhuk, utawi kahanane wong.
tuladha :
Awak pendhèk budi ciblèk = rupinipun awon, manahipun inggih awon
Sumengka pangawak braja =kumendel, kamipurun
Kawuk ora weruh salirané = nacad tiyang sanès, boten mangretos biliih badanipun piyambak langkung awon tinimbang ingkang dipuncacad
Ora gembung ora irung = mlarat sanget, boten gadhah menapa-menapa
Pidak sikil jawil mungkur = tiyang kalih ingkang sami kekethikan
Pidak pedarakan cèkèl longaning bale = tiyang ingkang asor sanget
Dhengkul iket-iketan = tiyang bodho dipundadosaken priyantun
Olèhé njenthik arep dijempol = (barang) anggènipun nedha badhe dipuntedha
Mérang lengen = ngungasaken kadigdayanipun
Keris
Keris utawa tosan aji utawa curiga iku salahsiji senjata tradhisional masyarakat Jawa uga dadi salah siji lambang paripurna wong lanang seliyane turangga, wisma, wanita lankukila. Curiga utawa keris iku nduwe makna jantan, perkasa lan dewasa, utawa wong (lanang) Jawa iku kudhu tangguh, sanggup nglindungi awake dhewe, kaluargane lan mbela negara.
Wilah
Warangka
Gaman
http://jv.wikipedia.org/wiki/Keris_Jawa
Nakula
http://jv.wikipedia.org/wiki/Nakula
Sadewa
http://jv.wikipedia.org/wiki/Sadewa
Bima utawa Werkudara
Bima utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.
Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin. Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bhima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bhima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bhima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.
DASANAMA
- Bayusuta : putrané Bathara Bayu
- Ballawa : gedhé dhuwur
- Bratasena : keturunan Barata kang prakosa
- Bhima : ngédab-édabi (Mahabharata)
- Birawa : gedhé lan medèni
- Dandunwacana: teguh
- Nagata : nyata
- Kowara : kondhang
- Sena : prakosa
- Werkodara/Werkudara
- Wijasena
- Pandhusiwi.
- Kusumayuda
- Kusumadilaga
- Gandhawastratmaja
- Dèwi Nagagini, nduwé anak jenengé Antareja.
- Dèwi Arimbi, nduwé anak jenengé Gathotkaca.
- Dèwi Urangayu, nduwé anak jenengé Antasena.