Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan.
kang diumpamakake sipat, tindhak-tandhuk, utawi kahanane wong.


tuladha :
Awak pendhèk budi ciblèk = rupinipun awon, manahipun inggih awon
Sumengka pangawak braja =kumendel, kamipurun
Kawuk ora weruh salirané = nacad tiyang sanès, boten mangretos biliih badanipun piyambak langkung awon tinimbang ingkang dipuncacad
Ora gembung ora irung = mlarat sanget, boten gadhah menapa-menapa
Pidak sikil jawil mungkur = tiyang kalih ingkang sami kekethikan
Pidak pedarakan cèkèl longaning bale = tiyang ingkang asor sanget
Dhengkul iket-iketan = tiyang bodho dipundadosaken priyantun
Olèhé njenthik arep dijempol = (barang) anggènipun nedha badhe dipuntedha
Mérang lengen = ngungasaken kadigdayanipun

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar