Tuladha Sambutan (sesorah)

Kelas XI



Assalamualaikum wr.wb

Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan.

Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.

Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.

Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.

Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun.

Wassalamualaikum wr. wb.

http://yuyunsaja.blogspot.com/2010/08/materi-kelas-xi-1-6.html

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar