Kelas XI
Micara
Micara ngono pancen ora gampang. Nalika micara kudu ngerti papan lan sapa sing diajak gunemane, apa maneh micara basa Jawa, antarane wong enom marang wong enom, wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong tuwa kabeh beda.
Basa wernane ing antarane ana kang diarani basa ngoko lan krama . Ing kalodhangan iki ora bakal kaandharake kabeh ananging amung basa krama mligine krama madya lan basa krama alus..
Basa Madya
Basa madya kaperang dadi telu yaiku,
- madya ngoko
Madya ngoko yaiku sing nganggo bakul, utawa priyayi marang wong cilik
Tuladha,
Yen ndika lunga Jogja kula tukaokna bakpia
- madyantara
Madyantara wujude kaya madya ngoko, nanging ater-ater lan panambange ngoko.
Tuladha,
Yen kang slira teng Jogja kula tukokke bakpia.
- madya krama
Madya krama awujud madya krama lan krama inggil
Tuladha,
Dados sajane sampeyan niki empun dhahar ta?
Basa Krama
Manut unggah-ungguh basa krama kaperang dadi 3 yaiku mudha krama, kramantara, lan wredha krama. Kang sabanjure basa mudha krama iki sinebut basa krama alus, dene kramantara lan wredha krama diarani krama lugu.
- Krama lugu yaiku basa krama kang wujud tembunge kabeh krama tanpa kecampuran krama inggil.
Tuladha: Kula kala wau sampun nedha lajeng tilem.
- Krama alus yaiku basa krama kang tembunge krama kacampur karo krama inggil.
Tuladha: Bapak ngendika dhumateng kula menawi anggenipun badhe tindak dhateng Sala mbenjang sonten.
Kanggone basa krama, yaiku:
- dienggo dening wong enom marang wong tuwa
- dienggo dening murid marang guru
- dienggo batur marang bendarane
- dienggo dening tepungan anyar
Pacelathon
Adi : “Assalamualaikum!”
Pak Ali : “Wa’alaikumsalam
O….. Adi njanur gunung sore-sore wis tekan kene, ana apa?”
Adi :” Inggih Pak, sowan kula mriki badhe nyuwun pirsa sejarahipun ‘pertempuran 5 hari’ ing kitha Semarang.”
Pak Ali : “O…. kuwi terus apa sing arep koktakokake marang bapak?”
Adi : “Mekaten Pak, kados pundi larah-larahipun kedadosanipun paprangan 5 dinten ing kitha Semarang?”
Pak Ali : “Mengkene….. Sawise kamardikan Republik Indonesia wis dipratelakake dening Ir Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kedadeyan kaya ngono ana ing ngendi bae kayata Medan, Surabaya lsp. Semono uga ing kutha Semarang. Nalika semono tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu Wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang. Yen pawarta mau bener, ateges wong saSemarang bakal mati keracunan. Mula pangarsa Laboraturium Pusat Rumah Sakit Rakyat (Perusara) kutha Semarang, dr. Karyadi enggal budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut. Ananging ing dalan dicegat, banjur diprajaya dening Jepang. Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran padha brontak sateruse perang wis ora bisa dialang alangi maneh. Perjuangane para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang.”
Adi : “Lajeng, pasulayan menika wiwitanipun surya pinten, ngantos pinten dinten Pak?”
Pak Ali : “Saka tanggal, 14 Oktober 1945 nganti 19 Oktober 1945, kira-kira ya 5 dina.”
Adi : “Lajeng menapa wonten sesambetanipun kaliyan Monumen Tugu Muda Pak?”
Pak Ali : “Ana, Monumen Tugu Muda kuwi dibangun kanggo mengeti kedadean kuwi.”
Adi :”O… Mekaten. Samenika kula sampun mangertos Pak, matur nuwun seserapanipun.”
Pak Ali : “Ya, padha-padha.”
Adi : “Menawi mekaten kula nyuwun pamit wangsul rumiyin nggih Pak.”
Pak Ali : “Iya, ngati-ngati.”http://yuyunsaja.blogspot.com/2010/08/materi-kelas-xi-1-6.html
0 komentar:
Posting Komentar