Kelas XI (Maca)
Paragraf Deduktif
Sinau iku butuh motivasi gedhe. Ora waton maca utawa bukak-bukak buku nanging ora ngrti isine buku mau. Sinau kudu ngerti cara-carane kang apik supaya apa kang dikarepake penulis bisa kecandhak tur ora kleru. Motivasi mau bisa awujud dhukungan saka wong tuwa, sedulur, bisa uga saka kanca cedhak srawunge. Kajaba saka iku, bisa uga saka kekarepan, gegayuhan kang dhuwur lan bisa ngowahi nasibe dadi becik. Kanthi mangkono, sinau bisa dadi sregep lan ora aras-arasen.
Paragraf ing dhuwur kalebu tuladha paragraph deduktif amarga ukara utamane mapan ing awal paragraf.
Paragraf kabentuk saka kumpulan ukara-ukara kang nduweni siji ide pokok lan ditambah anane ukara-ukara panjlentreh.
Syarat paragraf bisa diarani apik Manawa :
a. Nduweni Kohesi (nyambung babagan ujude)
Paragraf kang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka ujude.
Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara-ukara kang migunakake:
1. tembung panunjuk kayata iki, iku, kuwi, kae lsp.
2. tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani “kata ganti orang”
3. ngambali tembung kang dadi undering ide pokok
b. Koherensi paragraf dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik.
Manut sipate, paragraf iku dibedakake dadi loro yaiku:
1. Paragraf deduktif yaiku paragraph kang nduweni ukara baku manggon ana ngarep kasusul ukara-ukara panjlentreh.
Tuladha:
Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepingin nemoni kedadeyan ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kahanan sing ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.
2. Paragraf induktif
Tuladha:
Beo kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega-rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saenggo rakyat cilik ora mampu tetuku kanggo nyukupi kabutuhan uripe. Kauripan rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhak ing rega BBM wiwit minggu-minggu iki kang nglunjak banget regane.
http://yuyunsaja.blogspot.com/search/label/MATERI%20BAHASA%20JAWA%20KELAS%20XI
http://yuyunsaja.blogspot.com/search/label/MATERI%20BAHASA%20JAWA%20KELAS%20XI
0 komentar:
Posting Komentar