Kelas XI
Nulis Pidato
Nulis pidato iku kawiwitan saka nemtokake tema, banjur digoleki subtema, nuli nemtokake irah-irahan utawa judhule pidhato.
Dene cengkorongane naskah pidhato yaiku:
1. Pambuka (purwaka basa)
Ngemot salam pakurmatan, syukur marang Allah, lan panuwun.
2. Isi (surasa basa)
Ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan.
3. Panutup (surasa basa)
Ngemot dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup.
Tuladha 1
Atur Pambagya Harja
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Kantentreman miwah karahayon mugi tansah kasasira ing jiwangga panjenengan lan kulandalasan kulawarga.
Puji Syukur konjuk ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kabagaswaraan dhumateng kita, satemah panjengan lan kula saged kempal ing papan bagya mulya punika.
Para sepuh, pinisepuh ingkang pantes kinabekten.
Para rawu kakung putri ingkang minulya ing budi,
Keparenga kula pun Widagda kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengann saperlu netepi dhawuh saking Bapak saha Ibu Mintaragan, supados matur manembarama rawuh panjengan. Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agenging panuwun awit panjenengan sedaya sampun ngenthengaken sarira saha nglonggaraken wekdal rawuh ing papan punika. Saestu rawuh panjenengan mujudaken pakuramatan ingkang ageng tumrap kulawarga Mintaragan.
Angka kalih, kados ingkang kapacak ing serat sedhahan, bilih ing dinten punika Bapak/Ibu Mintaragan kepareng miwaha saha mahargya putrinipun nun inggih Nimas Kencanawati ingkang sampun kadhaup dening Bagus Brillian Aji Putra kakungipun Bapak/Ibu Setyaji. Pramila saking punika panjengan kasuwun berkah pangestunipun.
Katiganipun, gumelaring adicara punika inggih awit saking iguh pratikel sumbang surungipun para tanggi tepalih, sanak kadang, lan para rawuh. Mila saking punika kula aturaken agenging panuwun sedaya kasaenan panjenengan. Mugi-mugi Allah paring piwelas tikel matikel dhumateng panjenengan sedaya.
Kaping sekawan, senajan adicara punika sampun karantam dangu saderengipun pranyata taksih kathah cecer cewetipun mila kanthi andhap asoring manah kula nyuwun mugi para rawuh kersa ngluberaken pangaksama.
Kaping gangsal, mbokbilih ing mangke wonten pasugatan ingkang arupi dhedhaharan mugi kersa para rawuh angrahabi kanthi suka rena ing penggalih.
Ing wasana mugi nyekecakaken lelenggahan ngantos purnaning adicara punika.
Kupat janure tuwa, sedaya lepat nyuwun pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Tuladha 2
Pidhato pambagya saka kulawarga
Nuwun. Para sesepuh ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, Keparenga kula sumela atur munggel kamardika panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.
Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Bapak Suseno sekaliyan ingkang sepisan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti, dene ing wekdal punika saged nindakaken pawiwahan supitan putranipun ingkang nama Adimas Putra. Salajengipun Bapak Seseno sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun ngloonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.
Salajengipun kulawarga Bapak Suseno ngaturaken gunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon. Bapak Suseno sakulawarga boten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agenging panuwun mugi Gusti Ingkang Maha Asih ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenegan wau.
Kaping sekawan, Bapak Suseno sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipung ingkang dipunkhitan inggih menika Adimas Putra ing dalem mriki. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.
Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak Suseno sakulawarga manawi anggenipun nanggapi rawuh panjenegan sadaya kirang mranani penggalih, kersaa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi, kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten. Matur nuwun.
0 komentar:
Posting Komentar