Maca Pawarta


Kelas XI

Maca Pawarta
Maca pawarta kaya kang kalakokake panggiyar (penyiar), kagolongjinis maca kanggo wong liya. Mula pamaca pawarta kudu cetha  supaya isi pawarta kaserap utuh kanggone sing ngrungokake lan ora gawe penafsiran sing beda.
Mula saka iku, ana babagan kang kudu digatekake pamaca pawarta yaiku:
1.        Pamaca pawarta  kudu nguwasani isi pawarta kanga arep diwaca. Mula sadurunge maca, pamaca pawarta kudu uwis maca naskah pawarta luwih lan ngoreksi menawa ana sing kleru.
2.        Pelafalan utawa pangucapan fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga anane tembung-tembung sing meh padha pangucapane. Menawa duwe pepinginan gladhen pangucapan, coba ngucapake deret tembung ngisor iki kanthi nyuwara. Tindakna bola-bali, tambah suwe sansaya cepet:
-          Guru-guruku prelu ditiru aja mangu-mangu
-          Wong jejodhoan kudu ngelingi babat, bebed, bibit lan bobot.
-          Welinge guru, wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet, sing tinemu.
-          Pak Kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat kreteg Kertosono.
3.        Pamenggalan utawa jeda kudu pener. Semana uga karo dawa lan cendhake jeda.  Mula biasane pamaca pawarta migunakake tandha (/) kanggo mandheng sedela, tandha (//) kanggo mandheg  suwe, tandha (-) kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.
4.         Tekanan nada utawa dhuwur cendhek swara variatif supaya gampang dibedakake antarane bagian kang penting lan ora penting.
5.         Tempo maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang cepet banget ngangelke anggone nampa, suwalike Manawa rendhet banget bakal mbosenake sing ngrungokake.
6.         Volume cukup banter saengga cetha ditampa pengeras suara utawa sing ngrungokake kanthi langsung.
7.         Manawa maca pawarta divisualisasikan, sikep pamaca kudu katon wajar, ora tegang, utawa ora katon sakarepe dhewe. Pandelengan ora kena mung katuju ing naskah. Iku sebabe pamaca pawarta ing tivi migunakake teleprompter, yaiku alat kang mirip tivi sing isine teks pawarta. Alat iki didelehake ing ngisor kamera saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung delengi kamera lan katon apal teks pawarta.

http://yuyunsaja.blogspot.com/2010/11/maca-pawarta.html

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar