Tampilkan postingan dengan label Wayang. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Wayang. Tampilkan semua postingan

Wayang


Wayang dikenal sejak zaman prasejarah yaitu sekitar 1500 tahun sebelum Masehi. Masyarakat Indonesia memeluk kepercayaan animisme berupa pemujaan roh nenek moyang yang disebut hyang atau dahyang, yang diwujudkan dalam bentuk arca atau gambar.
Wayang merupakan seni tradisional Indonesia yang terutama berkembang di Pulau Jawa dan Bali. Pertunjukan wayang telah diakui oleh UNESCO pada tanggal 7 November 2003, sebagai karya kebudayaan yang mengagumkan dalam bidang cerita narasi dan warisan yang indah dan sangat berharga(Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Ada versi wayang yang dimainkan oleh orang dengan memakai kostum, yang dikenal sebagai wayang orang, dan ada pula wayang yang berupa sekumpulan boneka yang dimainkan oleh dalang. Wayang yang dimainkan dalang ini diantaranya berupa wayang kulit atau wayang golek. Cerita yang dikisahkan dalam pagelaran wayang biasanya berasal dari Mahabharata dan Ramayana.
Pertunjukan wayang di setiap negara memiliki teknik dan gayanya sendiri, dengan demikian wayang Indonesia merupakan buatan orang Indonesia asli yang memiliki cerita, gaya dan dalang yang luar biasa.
Kadangkala repertoar cerita Panji dan cerita Menak (cerita-cerita Islam) dipentaskan pula.
Wayang, oleh para pendahulu negeri ini sangat mengandung arti yang sangat dalam. Sunan Kali Jaga dan Raden Patah sangat berjasa dalam mengembangkan Wayang. Para Wali di tanah Jawa sudah mengatur sedemikian rupa menjadi tiga bagian. Pertama Wayang Kulit di Jawa Timur, kedua Wayang Wong atau Wayang Orang di Jawa Tengah, dan ketiga Wayang Golek di Jawa Barat. Masing masing sangat bekaitan satu sama lain. Yaitu "Mana yang Isi (Wayang Wong) dan Mana yang Kulit (Wayang Kulit) harus dicari (Wayang Golek)".

Jenis-jenis wayang kulit menurut asal daerah atau suku

Wayang juga ada yang menggunakan bahasa Melayu Lokal seperti bahasa Betawibahasa Palembang dan bahasa Banjar.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Nakula



Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo YudhistiraWerkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.
Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.IngMahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.
Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji senopati Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yen kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun dipateni wae. Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi. Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang, yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anake dhewe.
Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa kuwi ketimbang marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane merga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya Prabu Puntadewa.
Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat pusaka Jamus kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene Sadewa ing Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen akhire sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yen pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Nakula

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Sadewa


Sadéwa , Sadewa utawa Sahadéwa iku sawijining paraga wiracarita Mahabharata. Nalika cilik jenenge Tangsen. Dheweke salah sijining Pandhawa. Tangsen iki jenenge wit-witan kang godhonge bisa digawe obat. Kaya dene sedulur kembare, Nakula, Satriya kang manggon ing Bumiretawu iki kondhang amarga lantip ing prekara obat-obatan. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama-ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, dewane tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadewa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta. Ing sawetara crita wayang, Sadewa lantip ing sasmita. Umpama Kresna ora ana, Sadewa kang sulih golek upaya. Nalika mboyong Dewi Srengginiwati seka Gisiksamodra, Sadewa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sejatining lanang, sejatining wadon.” Jejodhoan iki nurunke putra Widapaksa utawa Sidapaksa.


Ing lakon liyane, Sudamala, Sadewa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali maneh dadi ayu. Ing versi India, Sahadeva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadeva kang bisa ngalahake lan mateni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing crita pedhalangan, Sangkuni dipateni dening Bima.
Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadewa entuk aji Purnamajadi seka Ditya Sapulebu. Aji iki bisa gawe wong sing nduwe eling apa wae kang wis kelakon lan ngerti apa kang kedaden
http://jv.wikipedia.org/wiki/Sadewa

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Bima utawa Werkudara

Bima utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.





Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin. Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bhima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bhima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bhima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.
Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

DASANAMA
  • Bayusuta : putrané Bathara Bayu
  • Ballawa : gedhé dhuwur
  • Bratasena : keturunan Barata kang prakosa
  • Bhima : ngédab-édabi (Mahabharata)
  • Birawa : gedhé lan medèni
  • Dandunwacana: teguh
  • Nagata : nyata
  • Kowara : kondhang
  • Sena : prakosa
  • Werkodara/Werkudara
  • Wijasena
  • Pandhusiwi.
  • Kusumayuda
  • Kusumadilaga
  • Gandhawastratmaja

Bojone telu (gagrag Jogjakarta), yaiku :
Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut.

Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin).
Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip.
Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Yudhistira


Jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.
Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe. Dheweke lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengiPuntadewa kang tegese punjering kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang padha, yaikuDewi Drupadhi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa. Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.
Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunthi. Dasanamane, Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para pujangga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.

Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing crita Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira seta. Kang mengkono mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem dhora (ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.
Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing negara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akeh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane wong sawantah.
Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune Pandhawa. Apa hiya murid arep wani marang gurune ?
Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna, Nakula, sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yen Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?
Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang Durna nalika ngucapake tembung ësthi"sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung "tama"sing cukup sero.
Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.
Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane negara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane, menawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.


Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.
Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Yudhistira

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Pandawa



Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.

Lima paraga iki turunane Prabu Pandhu kang dadi raja ing Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yen saresmi karo garwane. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwane, melu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Dene Yudhistira, Bima, lan Arjuna lair seka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang banjur diwenehi jeneng Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa, ing budaya Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Pandhawa

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Arjuna


Dalam bahasa Sanskerta, secara harfiah kata Arjuna berarti "bersinar terang", "putih" , "bersih". Dilihat dari maknanya, kata Arjuna bisa berarti "jujur di dalam wajah dan pikiran".
Arjuna mendapat julukan "Kuruśreṣṭha" yang berarti "keturunan dinasti Kuru yang terbaik". Ia merupakan manusia pilihan yang mendapat kesempatan untuk mendapat wejangan suci yang sangat mulia dari Kresna, yang terkenal sebagai Bhagawadgita (nyanyianTuhan).
Ia memiliki sepuluh nama: Arjuna, Phālguna, Jishnu, Kirti, Shwetawāhana, Wibhatsu, Wijaya, Pārtha, Sawyashachi (juga disamakan dengan Sabyasachi), dan Dhananjaya.



Arjuna memiliki karakter yang mulia, berjiwa kesatria, imannya kuat, tahan terhadap godaan duniawi, gagah berani, dan selalu berhasil merebut kejayaan sehingga diberi julukan "Dananjaya". Musuh seperti apapun pasti akan ditaklukkannya, sehingga ia juga diberi julukan "Parantapa", yang berarti penakluk musuh. Di antara semua keturunan Kuru di dalamsilsilah Dinasti Kuru, ia dijuluki "Kurunandana", yang artinya putra kesayangan Kuru. Ia juga memiliki nama lain "Kuruprāwira", yang berarti "kesatria Dinasti Kuru yang terbaik", sedangkan arti harfiahnya adalah "Perwira Kuru".
Di antara para Pandawa, Arjuna merupakan kesatria pertapa yang paling teguh. Pertapaannya sangat khusyuk. Ketika ia mengheningkan cipta, menyatukan dan memusatkan pikirannya kepada Tuhan, segala gangguan dan godaan duniawi tak akan bisa menggoyahkan hati dan pikirannya. Maka dari itu, Sri Kresna sangat kagum padanya, karena ia merupakan kawan yang sangat dicintai Kresna sekaligus pemuja Tuhan yang sangat tulus. Sri Kresna pernah berkata padanya, "Pusatkan pikiranmu pada-Ku, berbaktilah kepada-Ku, dan serahkanlah dirimu pada-Ku, maka kau akan datang kepada-Ku. Aku berkata demikian, karena kaulah kawan-Ku yang sangat Kucintai

Arjuna memiliki senjata sakti yang merupakan anugerah para dewata, hasil pertapaannya. Ia memiliki panah Pasupati yang digunakannya untuk mengalahkan Karna dalamBharatayuddha. Busurnya bernama Gandiwa, pemberian Dewa Baruna ketika ia hendak membakar hutan Kandawa. Ia juga memiliki sebuah terompet kerang (sangkala) bernama Dewadatta, yang berarti "anugerah Dewa".


http://id.wikipedia.org/wiki/Arjuna

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS