Ringkesan /ikhtisar padha-padha minangka panyajian cekak aos saka wacan/karangan asli. Nanging kanthi teknis kelorone ana bedane. Ringkesan minangka panyajian cekak aos saka wacan asli/karangan, nanging tetep ngukuhake (mempertahankan) urutan isi sudut pandang pangripta/panulis asli.
Purwakanthiutawaaliterasiikuunen-unenutawaukarakangruntutbasautawasastrane. Purwakanthikangruntutbasanejenengepurwakanthibasa, dene yen ingsastrasinebutpurwakanthisastra.Purwakanthibisaawujudukaralumrah, bisaugangemotparibasan, saloka, utawa tembang. Purwakanthimiturutwujudekaperangdaditelu, yaiku :
A.Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
Gemi setiti ngati-ati
Bungah susah iku lumrah
Desa mawa cara negara mawa tata
Aku lara paling para
B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
Tata titi Tatas titis
Cecer cicir cewet
Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
Maca cepet ingkang dipun wastani kasil menawi saben menit sampun saged pikantuk 250tembung, menawi dereng saged kedah dipun wangsuli malih kanthi cara :
Maca jroning batin, konsentrasi
Suwanten lembut cekap kapireng piyambak
Ampun ngginakaken tuding utawa driji
Ampun ngobahaken sirah,mripat tumuju wonten wacan
Ampun wangsuli tembung ingkang sampun kawaos
Ampun dipun eja aksaranipun
Ketrampulan dasarmaca
Ketrampilan nguaosi mripat
Ketrampilan nguaosi tembung, frasa
Ketrampilan nguaosi tembung kunci.
Cara maca ingkang saged cepet angsal informasi
a. Cara Skimming : Cara maos kangge madosi bab – bab ingkang wigati kanthi cepet.
Tuladhanipun: Madosi pokok permasalahan, pemanggih tiyang utawi ingkang wigati kanthi boten maos sedaya.
b. Cara Scanning : Cara maos kangge madosi kabar informasi ingkang sampun dipun betahaken. Caranipun cekap dipun waos bagian ingkang dipun padosi kemawon.
Tuladhanipun : Madosi nomor telpon wonten buku telpon, madosi tembung ing kamus, madosi nomer indeks lan sanensipun.
Tembung Andhahan iku tembung kang wus owah seka asliné (tembung lingga). Ing basa Indonesia, tembung andhahan diarani kata jadian. Tambahan saka tembung lingga iku bisa arupa siji utawa campuran seka:
Tembung lingga iku tembung sing durung owah saka asalé (tembung asal). Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika wis diwènèhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan.
Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Ing basa walandané yaiku Figuurlijke betekenis
Maca pawarta kaya kang kalakokake panggiyar (penyiar), kagolongjinis maca kanggo wong liya. Mula pamaca pawarta kudu cetha supaya isi pawarta kaserap utuh kanggone sing ngrungokake lan ora gawe penafsiran sing beda.
Mula saka iku, ana babagan kang kudu digatekake pamaca pawarta yaiku:
1.Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta kanga arep diwaca. Mula sadurunge maca, pamaca pawarta kudu uwis maca naskah pawarta luwih lan ngoreksi menawa ana sing kleru.
2.Pelafalan utawa pangucapan fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga anane tembung-tembung sing meh padha pangucapane. Menawa duwe pepinginan gladhen pangucapan, coba ngucapake deret tembung ngisor iki kanthi nyuwara. Tindakna bola-bali, tambah suwe sansaya cepet:
-Guru-guruku prelu ditiru aja mangu-mangu
-Wong jejodhoan kudu ngelingi babat, bebed, bibit lan bobot.
-Welinge guru, wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet, sing tinemu.
-Pak Kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat kreteg Kertosono.
3.Pamenggalan utawa jeda kudu pener. Semana uga karo dawa lan cendhake jeda. Mula biasane pamaca pawarta migunakake tandha (/) kanggo mandheng sedela, tandha (//) kanggo mandheg suwe, tandha (-) kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.
4.Tekanan nada utawa dhuwur cendhek swara variatif supaya gampang dibedakake antarane bagian kang penting lan ora penting.
5.Tempo maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang cepet banget ngangelke anggone nampa, suwalike Manawa rendhet banget bakal mbosenake sing ngrungokake.
6.Volume cukup banter saengga cetha ditampa pengeras suara utawa sing ngrungokake kanthi langsung.
7.Manawa maca pawarta divisualisasikan, sikep pamaca kudu katon wajar, ora tegang, utawa ora katon sakarepe dhewe. Pandelengan ora kena mung katuju ing naskah. Iku sebabe pamaca pawarta ing tivi migunakake teleprompter, yaiku alat kang mirip tivi sing isine teks pawarta. Alat iki didelehake ing ngisor kamera saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung delengi kamera lan katon apal teks pawarta.
Sinau iku butuh motivasi gedhe. Ora waton maca utawa bukak-bukak buku nanging ora ngrti isine buku mau. Sinau kudu ngerti cara-carane kang apik supaya apa kang dikarepake penulis bisa kecandhak tur ora kleru. Motivasi mau bisa awujud dhukungan saka wong tuwa, sedulur, bisa uga saka kanca cedhak srawunge. Kajaba saka iku, bisa uga saka kekarepan, gegayuhan kang dhuwur lan bisa ngowahi nasibe dadi becik. Kanthi mangkono, sinau bisa dadi sregep lan ora aras-arasen.
Paragraf ing dhuwur kalebu tuladha paragraph deduktif amarga ukara utamane mapan ing awal paragraf.
Paragrafkabentuk saka kumpulan ukara-ukara kang nduweni siji ide pokok lan ditambah anane ukara-ukara panjlentreh.
Syarat paragraf bisa diarani apik Manawa :
a.Nduweni Kohesi(nyambung babagan ujude)
Paragrafkang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka ujude.
Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara-ukara kang migunakake:
1.tembung panunjuk kayata iki, iku, kuwi, kae lsp.
2.tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani “kata ganti orang”
3.ngambali tembung kang dadi undering ide pokok
b.Koherensi paragraf dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik.
Manut sipate, paragraf iku dibedakake dadi loro yaiku:
1.Paragraf deduktif yaiku paragraph kang nduweni ukara baku manggon ana ngarep kasusul ukara-ukara panjlentreh.
Tuladha:
Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepingin nemoni kedadeyan ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yenbisa nemoni kahanan sing ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.
2.Paragraf induktif
Tuladha:
Beo kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega-rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saenggo rakyat cilik ora mampu tetuku kanggo nyukupi kabutuhan uripe. Kauripan rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhak ing rega BBM wiwit minggu-minggu iki kang nglunjak banget regane.