Tampilkan postingan dengan label Cerita Cekak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Cekak. Tampilkan semua postingan

Wong Turon Neng Tengah Ndalan

Mas Giman, crita punika sampun dangu kula pireng, mbok menawi ingkang kagungan crita punika malah sampun kesupen margi sampun dangu sanget.

Mangka kula tengga-tengga bu Luwi, kok inggih mboten kersa nginggahaken wonten giyaran lelangen. Pramila mas Giman, crita wau kula openi murih mindhak regeng lan gayeng kangge ngisi giyaran lelangen.

Dene ingkang kagungan crita punika warga kita piyambak, inggih punika bu Luwi Subagyo ing dhusun Cebongan.

Critanipun mekaten mas Giman :

Nalika mbak Luwi punika taksih ngasta resmi (dereng pensiun) wonten pabrik gendhis Madukismo, temtunipun bidhal lan wangsulipun rak piyambak.

Gandheng pendhak seminggu punika wonten dinten ingkang mirunggan kangge olah raga para karyawan, pramila menawi pas olah raga punika bu Luwi mboten numpak motor ning ngasta mobil.

Awit, olah raga wau sasampunipun jam kantor. Mangka kantor bibaripun jam tiga kepara langkung, lajeng dipun lajengaken olah raga.

Kala semanten ingkang dipun pendhet olah raga tenes. Racakipun inggih olah raga punika ingkang sami dipun remeni dening karyawan.

Tiyang nama sampun remen punika, biasanipun kesupen wekdal, menapa malih sampun bibar pedamelan, ingkang ateges kantun wangsul.

Kerep-kerepipun lajeng sami nglantur supe wekdal, kepara kerep pas serap punika nembe sami bibar.

Ngawekani wekdal ingkang ndungkap dalu punika, bu Luwi kagungan pemanggih, menawi langkung aman ngasta mobil tinimbang numpak motor piyambak.

Tosipun wonten manah langkung srek, mboten gadhah raos ajrih. Saking Madukisma sampun peteng, wangsulipun medal kidul Jl. Godean.

Nalika dumugi sate Munggur, bu Luwi badhe menggok ngaler punika radi bingung, lampahipun mobil gojag-gajeg.

Rahayunipun wingking kaliyan saking kilen kendharaan sepi, mila lajeng mbradhat menggok estu ngaler.

Tan kocapa mas Giman, ing sak kidul dhusun Karakan punika, rumiyin rak wonten wande bakmi (wetan mergi), ning sak punika kok mboten wonten.

Dumugi mriku bu Luwi sumerep tiyang estri tileman wonten tengah margi mujur ngilen madhep ngaler. Kasorot ing lampu mobil, tiyang wau cetha, rambutipun ngandhan-andhan, ngangge rok.

Bu Luwi kaget lan bingung batosipun lan bingung : Wong iki edan, apa arep nglalu, kok turu malang-malang neng tengah dalan.

Wusana bu Luwi cekat-ceket anggenipun manah.

Tinimbang lajeng mangkeh nabrak tiyang punika, mila mobil dipun unduraken sawetawis, lajeng banting stir wonten kanan jalan, saengga wilujeng mboten nabrak tiyang punika, senajan mobilipun bu Luwi meh ngglewang mengetan mlebet kalen menapa sabin.

Sasampunipun nglangkungi tiyang punika, bu Luwi ngendhegaken mobilipun lajeng mandhap, rekanipun badhe ngiling-ilingi tiyang punika.

Ning mas Giman, mboten kadosa kagetipun bu Luwi, dene tiyang ingkang tileman wau, blas sampun mboten wonten, gek dhateng pundi kesahipun, bu Luwi ugi mboten sumerep.

Namung kemawon, bu Luwi lajeng kraos mengkirik githokipun lan kraos ajrih sanget.

Wusana lajeng mlebet mobil bablas mengaler. Dumugi wande bakmi ingkang padhang-padhang lan ketingal tiyangipun ingkang jajan kathah, bu Luwi mandeg lan criyos :

“Bu punika wau wonten kidul mriku, wonten tiyang tileman malang-malang wonten margi, namung kula sisihi. Sareng kula mandhap badhe kula tuweni kok lajeng mboten wonten. Kula mboten mangertos dhateng pundi kesahipun.”

Mireng criyosipun bu Luwi, bakul bakmi wau lajeng ngguyu kaliyan mangsuli :

“Empun tenang mawon bu, niku mboten napa-napa, namung senengane ngganggu tiyang langkung. Mboten namung penjenengan sing diganggu, ning kathah. Empun saniki kundur mawon.” Ngono kandhane bakul bakmi mau.

Sawise krungu keterangane bakul bakmi mau, bu Luwi matur nuwun njur nerusake laku … kundur.

Ning jarene ana dalan nganti tekan daleme isih ana rasa wedi lan dheg-dhegan. Ngaten mas Giman, critanipun bu Luwi. Mugi-mugi kemawon, menawi wonten klentunipun anggen kula ngaturaken, bu Luwi kersoa ngleresaken.

Dening : Nini Klenyem

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA

JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA
“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wiswis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!,wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”.“Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.
Nur Aini S.
20 / XI IS 1
SMA N 1 SRAGEN

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Crita Cerkak


Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak :
  • Critane ringkes
  • Gegayutan karo lelakone manungsa
  • Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara
Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak :
  • Tema : gagasan penting sajroning crita
  • Alur/plot  : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas
  • Penokohan  : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga
  • Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita
  • Amanat  : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita iku
Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegese unsur-unsur kang mbangun crita saka jroning crita kasebut.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Skètsa Klawu

Skètsa Klawu
Gawang-gawang katón pasuryané mitra-mitraku. Pucêt lan lêncu kåyå ora duwé gêtih. Ngêrêsing lêlakón lan sêsanggan uríp ndadèkaké mitra-mitraku katrêm ing panandhang. Ora bédå karo aku, malah kêpårå luwíh sêngsårå yèn katandhíng karo mitra-mitraku.
Aku múng biså turu salawasé uríp, tanpå duwé dåyå åpå-åpå. Súkmå síng sasuwéné iki katrêm ing ragaku kåyå-kåyå kêpéngín oncat. Mbókmênawa sawijiníng wêktu mêngko aku ora bisa nyandhêt anggóné arêp oncat ninggal ragaku. Awít aku kråså mênåwå sukmaku wís ora kuwagang manggón íng raga ringkih iki.
"Åpå síng biså dåktindåkåké kånggo kowé dinå iki," Rêmbulan wís ånå sandhingku. Dhèwèké sisihanku. Pasuryané katón résík, ayu lan manís bangêt. Aku kåyå-kåyå ora bósên yèn nyawang dhèwèké. Kadhangkålå aku duwé panyakråbåwa mênåwå satêmêné dhèwèké wís bósên karo aku lan kahananku. Nangíng katóné dhèwèké ora kêpéngín natóni pangrasaku.
"Ora ånå síng prêlu kótindakaké," wangsulanku.
"Kêpiyé kahananmu...., aku ngajab mugå sansåyå apík. Ngêrti ora, aku kêpéngín bêbarêngan lungå mênyang pantai. Kirå-kirå biså åpå ora?"
Pitakóné Rêmbulan iki angèl bangêt dakwangsuli.
"Kêpiyé? Biså åpå ora?"
"Êmbúh...., aku ora ngêrti," wangsulanku bingúng.
"Mêsthi kåyå mangkono wangsulanmu," Rêmbulan katón kuciwa.
"Mbókmênåwå biså," têmbúngku alón.
"Tênan?" Mripaté sing éndah katón tansåyå blalak-blalak.
"Mbókmênåwå..."
"Ah..., ibå éndahé..., aku kêpéngín gawé patúng såkå wêdhi!" panyawangé nrawang adóh.
Gawang-gawang pasuryané mitra-mitraku ngéglå manèh. Åpå kirå-kirå síng pådhå ditindakaké wêktu iki. Kèlingan lêlakóné salah sijiné mitraku, jênêngé Miskan. Miskan wís omah-omah lan wís duwé anak siji. Sawisé nglairaké anaké, bojoné Miskan dadi lara-laranên, miturút dhóktêr, ginjêlé ora bisa lumaku kanthi bêcík.
Déné anaké nandhang tumór ganas íng sirah. Kabar síng daktåmpå kèri-kèri iki, jaré Miskan wis ora nyambút gawé, awít pérusahaan papané nyambút gawé bangkrút. Íng batin aku múng biså prihatin, liyané prihatín aku ora biså åpå-åpå, awít kahananku síng ringkíh tanpå dåyå. Kadhangkålå aku ora trimå karo kêrsané Gusti Allah, généyå aku ciniptå sarwå ringkíh?
"Hayo, ngalamún manèh! Iki dakgawakaké sênênganmu," Rêmbulan nyénggól tanganku karo nuduhaké wóh apêl.
"Múng siji?"
"Siji waé kowé ora tau bisa ngêntékaké. Pisan iki kowé kudu biså ngêntékaké apêl iki". Tangané kang alús wís ngranggèh ladíng síng ånå méjå lan kanthi trampíl ngóncèki wóh apêl.
Katón manèh wêwayangané mitrå cêdhakku, jênêngé Rudi. Rudi wís pitúng taún omah-omah. Anaké síng pisanan mati awit lair prématúr. Anaké sing nomêr loro durúng suwé iki ugå mati, dêmam bêrdarah. Kåyå-kåyå isíh krungu tangís sêdhih bojoné Rudi. Wêktu iki, Rudi owah pikirané. Tindak-tanduké sansåyå anèh. Aku kèlingan nalikå sawijiníng soré Rudi mênyang kuburan, jaré arêp mêthúk anak-anaké.
"Wah..., arêp udan," têmbúngé Rêmbulan alón. Pasuryané katón sênêng. Sakêplasan katón ana sawijiníng bab síng ndadèkaké Rêmbulan sênêng. Dhèwèké mèsêm, wóh apêl wís dióncèki lan wís dipårå dadi wólu.
"Iki wís dióncèki, gèk énggal dimaêm..., kudu êntèk."
"Yèn ngéné iki ora adíl. Luwih bêcík aku mangan siji kowé ugå mangan siji. Mangkono satêrusé," wangsulanku sakénané.
"Iyå..., nangíng kudu êntèk, lho!"
Irisan wóh apêl daktåmpå lan dakpangan. Lêgi bangêt. Pranyåtå ilatku isih biså mbédakaké råså.
Daksawang Rêmbulan ugå mèlu mangan wóh apêl. Panyawangé marang aku béda karo padatan. Mbókmênawa ånå síng arêp dikandhakaké.
"Ånå åpå?" Pitakónku alón.
"Upåmå..." Rêmbulan ora nêrusaké têmbungé.
"Upåmå åpå?"
"Kowé ora nêsu yèn aku kåndhå bab iki?"
"Ora."
"Tênan?"
Aku manthúk.
"Upåmå sawijiníng wêktu mêngko awaké dhéwé ora biså barêng, åpå kowé isíh nrêsnani aku?" Rêmbulan ndhingklúk.
"Mêsthi waé. Aku bakal nrêsnani kowé salawasé," wangsulanku mantêp. Sanadyan ånå råså lårå sing norèh batinku. Aku kråså têmbungé minångkå sasmitå mênåwå Rêmbulan bakal ninggalaké aku. Nangíng kabèh panyåkråbåwå banjúr dakbusak såkå pikiranku.
Aku ngrumangsani yèn sasuwéné iki aku malah ngrépótaké Rêmbulan. Mbókmênåwå Rêmbulan wis bósên tênan karo kahananku. Aku biså nåmpå kabèh karêpé Rêmbulan, lan upåmå Rêmbulan ninggal aku, aku lilå lêgåwå. Sanadyan ånå råså sing tumabêt.
Wóh apêl isíh têlúng iris. Rêmbulan isíh mênêng. Sirahé tumungkúl. Aku dadi mêsakaké nyawang dhèwèké kåyå mangkono.
"Kowé ora prêlu rumångså lupút...., aku síng lupút. Sasuwéné kowé dadi sisihanku, aku bangêt ngrépótaké kowé. Pisan waé aku durúng tau nyênêngaké kowé. Aku njalúk pangapurå awít kêkuranganku iki....," têmbúngku kêntèkan pangarêp-arêp.
Satêmêné aku wêdi kélangan Rêmbulan, nangíng aku ora kêpéngin Rêmbulan sêngsårå uripé yèn uríp barêng karo aku. Aku kêpéngin uripé Rêmbulan kêbak kabagyan. Lan aku ngrumangsani ora bakal bisa ndadèkaké uripé bagyå mulyå. Saliyané kuwi, sêsambunganku karo Rêmbulan ora dipangèstóni déning wóng tuwané Rêmbulan. Prêkårå klasik, wóng tuwané Rêmbulan kêpéngin anaké omah-omah karo wóng bêrhasíl. Êmbúh apa maknané bêrhasil kuwi.
Nalikå pikiran lan angênku isíh ngulandårå, Rêmbulan pamít. Êmbúh Rêmbulan lungå mênyang ngêndi.
Sawijiníng wêktu dakcoba nggólèki ragaku..., lan daksawang ånå trêbêla dipêndhêm ing kuburan...., lan síng njêro trêbêla kuwi pranyata ragaku....!

::Dening: Sanggar Imajinèr, 2007 - Al Aris Purnama::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Dhuh Gusti

Dhuh Gusti
Saben wayah esuk, nalika arep mangkat nyambutgawe, Sawitri kerep ketemu cah lanang enom iku.
Padha-padha mlaku nuju dalan gedhe. Banjur ngadeg neng pinggir dalan nyegat bis.
Jalaran saka pakulinan iku dheweke dadi tepung karo cah lanang enom iku.
Asmane Mardiyanto, kerep diceluk Yanto.
Asale saka desa ing sawijining tlatah Kabupaten Wonogiri.
Dheweke ngaku isih legan lan nyambutgawene ana perusahaan asuransi. Aneng kutha iki dheweke ngekos.
Papan kose ora adoh saka omah kang dikosi Sawitri.
Durung ana setaun Sawitri manggon ing kutha kang jejuluk Kutha Bengawan iki. Dheweke wiwit urip mandhiri kanggo mbiyantu wong tuwane kang wus nyekolahake nganti SMA.
Senajan mung dadi buruh ing sawijining pabrik tekstil lan gaji ora akeh, nanging Sawitri duwe pangajab gedhe arep njunjung drajate wong tuwa lan mbiyantu biaya sekolah adhi-adhine.
Urip dhewekan ning kutha lan adoh saka kulawarga pancen gawe atine Sawitri kerep ngelangut lan sepi.
Senajan akeh kanca, nanging mung winates kanca nyambutgawe utawa kanca sapanggonan kos.
Ora ana sing cedhak banget.
Nanging sasuwene tepung Yanto, dheweke dadhi ora kesepen maneh.
Sawitri ngrasakake donya kang diadhepi katon endah lan sumringah. Dheweke wiwit njalin kakancan cedhak kalawan Yanto.
Saben wayah esuk, sinambi nunggu bis wong sakloron padha jagongan, ngobrol ngalor ngidul.
Sawitri ora isin maneh nyritakake bab riwayat uripe, semana uga Yanto.
Sesambungan antarane wong loro saya ngrembaka.
Meneng-meneng ing sajroning atine Sawitri tuwuh rasa tresna marang Yanto.
Yen sedina ora ketemu kaya saabad lawase.
Nanging, Sawitri ora wani blaka yen dheweke tresna marang Yanto. Dheweke mung mendhem pangrasane aning ati.
Yanto dhewe mujudake wong enom kang anteng.
Solah tingkahe kalem, ora kakehan kocap lan polah.
Kapribadhene kang ora bisa dislulumi iku gawe Sawitri gojag-gajeg. Dheweke ora wani nduga apa kang ana njero atine wong lanang iku.
Apa ya dheweke uga tresna marang aku, batine Sawitri mangu-mangu. Mula Sawitri mung bisa ngenteni.
Esuk iku Sawitri digawe kecelik amarga ora ketemu Yanto.
Wis ana rong dina Yanto ora katon irunge.
Dheweke ora nate kandha yen prei utawa mulih menyang kampunge. Pangrasane Sawitri dadi ora kepenak.
Aja-aja ana kedadeyan kang nemahi Yanto.
Sawitri jane arep mara nyang kos-kosane Yanto, nanging dheweke isin. Mengko pandakwane tangga teparo mundhak rena-rena.
Nanging Sawitri ya ora bisa jenak mung meneng wae.
Mula, dina iku dheweke ngelengake mara menyang kos-kosane Yanto. Jebul kahanane Yanto melas tenan.
Dheweke ngglethak ana paturon, nandhang lara. Emane, ora ana sing ngrumat lan ngurusi.
"Kok ora kandha yen kowe lara, Mas?" celathune Sawitri rada mangkel marang Yanto.
"Aku mung masuk angin biyasa kok, Wit. Wis takombeni obat. Mengko rak mari dhewe," saurane Yanto alon.
"Aja digawe entheng, Mas. Yen mengko keladuk dadi nemen kepiye? Ayo, takterke menyang dhokter!"
"Ora usah, Wit! Aku wegah gawe repot!"
"Wis ta! Aja ngeyel!"
Gandheng dipeksa-peksa, bacute Yanto gelem dijak priksan nyang dhokter.
Jebul Yanto nemahi gejala tipes. Beja, dheweke age digawa nyang dhokter.
Dina-dina sabanjure Sawitri kerep niliki Yanto.
Esuk sadurunge mangkat nyambutgawe, lan sore nalika mulih saka gaweyan.
Dheweke kang ngrumat lan ngurusi Yanto kayadene suster.
Dheweke uga masakake panganan, ngumbahi sandhangan, lan ngresiki kamare Yanto.
Tumindake Sawitri iku gawe atine Yanto trenyuh.
Sawitri kaya sisihane wae!
Sasuwene nandhang lara, Yanto ora ngabarke kahanane marang kulawargane ing kampung.
Nalika ditakokake dening Sawitri, dheweke alesan yen wegah gawe repot kulawargane.
Kamangka omahe wong tuwane ora pathi adoh saka kutha iki.
"Apa ora kleru, Mas, yen kowe ora ngabari wong tuwamu!
Mengko yen nganti krungu kowe nandhang lara lan pirang-pirang dina ora nyambutgawe, wong tuwamu bisa duka?" ujare Sawitri ngelingake.
"Ora apa-apa, Wit. Wong tuwaku ora bakal duka!" semaure Yanto entheng.
"Tenane, Mas?"
"Wis ta, ngandela marang aku!"
Sawitri meneng, ora nakokake bab iku maneh.
Pirang dina sabanjure Yanto wis mari lan saras.
Dheweke wiwit bisa mangkat nyambutgawe maneh.
Sawitri melu seneng nyawang Yanto wis saras.
Jalaran saka tumindhake Sawitri kanthi ikhlas ngrumati awake sasuwene lara, aneng atine Yanto wiwit tuwuh rasa tresna marang kenya iku. Dheweke bisa ngrasakake kawigaten lan elusan tangane Sawitri kang alus.
Dheweke kapilut marang kapribadene Sawitri kang elok lan becik!
Mula, tampa mangu-mangu dheweke nyatakake pangrasane aneng ngarepe Sawitri.
Kanthi blaka dheweke kandha yen sih tresna marang Sawitri.
Krungu pangakone Yanto, raine Sawitri dadi semu abang.
Atine bungah lan ora bisa digambarake wenane.
Sing genah kebak kaendahan!
Ya momen iki kang dienten-enteni Sawitri.
Tanpa mikir dawa maneh dheweke nampa katresnane Yanto.
Sabanjure wong sakloron ngikrarake janji arep urip bebrayan nganti salawase.
***
Dina iku Sawitri tilik kaluwargane ing desa.
Ana ngarepe wong tuwane Sawitri blaka yen wis duwe pacar.
Wong tuwane melu seneng krungu warta iku lan kepengin ditemokake karo calon mantune.
Malahan wong tuwane njaluk sesambhungane Sawitri kalawan pacare age diresmekake.
Nanging Sawitri ora arep kesusu.
Dheweke isih mikirake kulawargane dhisik!
Sasuwene ana omah Sawitri kepethuk karo Daryati, kanca kenthele. Daryati ngabarake yen dheweke sedhela maneh arep rabi.
Entuk wong Wonogiri. Sawitri melu seneng krungu warta saka kancane iku.
"Lha, endi calonmu, Ti?" pitakone Sawitri.
"Isih kerja ana Solo!" semaure Daryati.
"Solone sisih ngendi?"
"Aku ora dhong sisih ngendi, nanging dheweke nyambutgawe ana kantor asuransi!"
"Lho, kok padha karo pacarku. Aja-aja kerjane sakantor.
Omong-omong sapa jenenge calonmu? Sapa ngerti mengko neng Solo bisa ketemu?"
"Jenenge Mardi!"
"Kantor asuransine jenenge apa?"
"Aku lali jeneng kantore, Wit. Mengko wae takabari lumantar sms. Sing penting aku njaluk tekamu ing acara nikahanku mengko!"
"Insya Allah, Ti!"
Esuke, Sawitri bali maneh menyang Solo.
Ambyur ing rutinitas kang sabandina diadhepi.
Sesambhungane kalawan Yanto isih mlaku lan malah sansaya mesra. Dina-dina kang kalampahi kaya-kaya kebak kanugrahan lan kaendahan!
Sawijining dina Yanto pamit arep balik nyang desane.
Sawitri arep melu, pengin tetepungan karo kulawargane Yanto, nanging ora entuk.
Yanto alesan yen durung teteg nggawa Sawitri ngadhep wong tuwane. Dheweke karep omong dhisik marang wong tuwane.
Sawitri mangerteni. Dheweke ora meksa.
Yanto pamite lunga mung arep sedhela, nanging nganti rong dina dheweke durung bali maneh.
Sawitri wiwit nggresah. Dheweke bola-bali ngebel ponsele Yanto, nanging ora nyambung.
Embuh, apa Yanto sengaja mateni hp-ne apa pancen neng kana ora ana sinyal.
Kamangka dheweke wis kencan arep ngajak Yanto nekani mantenane Daryati!
Nalika ngancik dina H Yanto durung njedhul.
Kanca-kancane uga ora ana sing meruhi. Sawitri rada mangkel.
Bacute Sawitri mangkat dhewe.
Kaya kang dikandhakake Daryati, resepsi nikahan kalaksanan ing sawijining gedhung kang ana tengah kuthane.
Sawitri teka dhewe tampa dikancani sapa-sapa.
Swara gamelan ngumandhang saka njero gedhung.
Sawitri mlaku nuju njero gedhung.
Swasana wis katon rame amarga wis akeh undhangan sing teka.
Sawitri thingak-thinguk nggoleki blegere Daryati.
Dumadakan pundhake digablok saka mburi karo sawijing pawongan. Sawitri mengo.
Jebul Daryati. Kancane iku katon bedha karo padatan.
Nganggo kebaya lan blebetan jarik wiron, katon ayu kaya widadari. Sawitri age ngrangkul kanca kenthele iku lan ngambung pipi kiwa tengen.
"Slamet ya, Ti! Sori, aku mung dhewekan!" ujare Sawitri.
"Ya ora apa-apa, sing penting pangestune. Matur nuwun lho, gelem teka!" semaure Daryati bungah.
"Endi penganten lanange?"
Daryati thingak-thinguk nggoleki calon bojone.
Dheweke banjur nyedhaki pawongan lanang kang lagi ngobrol karo tamu ana sisih mburine.
Pawongan lanang iku ngadeg mungkur, Sawitri ora pati weruh rupane. Nanging, nalika tangane wong lanang iku digeret Daryati lan diadhepake ana ngarepa Sawitri, dumadakan jatunge Sawitri kaya arep gogrog!
Pawongan lanang iku uga pucet raine lan klingah-klingih nyawang Sawitri. Kaya maling kecekel pulisi!
"Iki lho, Wit. Calon bojoku. Tepungake, asmane Mardiyanto.
Celukane Mas Mardi!" kandane Daryati.
"Tepungake, Mas. Iki kanca kenthelku, jenenge Sawitri.
Dheweke uga nyambutgawe ana Solo!"
Sawitri lan Yanto alias Mardi mung padha meneng.
Wong loro salaman, nanging ketok kaku.
Sawitri ngupaya ndhelikake pangrasane kang gela ora karuan aneng ngarepe Daryati.
Dheweke ora bisa suwe-suwe ngadeg ana papan kana.
Sawise menehake kadho, dheweke age pamitan mulih.
Dheweke wis ora wani noleh maneh menyang mburi.
Dheweke age numpak becak lan bablas mulih.
Sadawane dalan dheweke ora bisa ngempet tangise.
Dheweke ora ngira yen wong lanang kan ditresnani jebul wis dadi sisihana kanca kenthele.
Nanging kan gawe atine luwih gela, Yanto wis ninggalake aib aneng awake arupa wiji kang tuwuh ana wetenge!
Dhuh, Gusti! Kepiye mengko anggonku ngadhepi urip iki...?

::Dening: Eko Hartono::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Kesandhung

Kesandhung
Swara jam tembok wis muni kaping siji.
Ateges wis lingsir wengi, nanging mripatku ora gelem merem sanadyan wis wiwit mau aku mapan turu.
Wis tak peksa merem nanging kok ya isih krungu samubarang ing wengi iki.
Swarane jangkrik ngerik lan walang ing njaba kaya-kaya nggodha aku.
Uripku kaya wis kasrimpung. Aku ora bisa obah, sanadyan isih bisa mlangkah mrana-mrene, nanging iku mung awakku, mung ragaku.
Nanging nyawaku, jiwaku, urip iki wis kaya tumpes.
Gawang-gawang nalika semana, sawijining priya kang nyedhaki aku kanthi alus lan luwes.
Kabanda saka pokal lan trekahe bojoku, ora ngira yen ngene dadine.
Sing takpikir nalika semana mung kaslametane kulawargaku, jalaran priya sing nemoni aku katon alus, luwes ananging mripate ngemu rasa kang dudu sakbaene.
"Jeng dina iki aku ora urusan karo sisihanmu, nanging karo kowe. Gelem ora gelem kowe kudu manut karepku," mangkono kandhane priya mau ing omahe.
Aku rada mrinding. Weruh kahanan omahe. Apik, brukut, kabeh pirantine sarwa rega larang, isih maneh ana piranti olahraga, fitness lan tinju.
Tanpa sranta priya mau banjur ngglandhang aku, sanadyan aku mblalela ora ana tegese, jalaran pawakane gothot, mripate mencereng.
Nanging aku isih nyoba nglawan, dadine ora ana paedahe, aku diangkat lan diuncalake ana dhipan.
Tanpa nduweni rasa kamanungsan, aku terus ditindhihi lan dirudapeksa.
"Wis mulih kana, ora sah omong sapa-sapa. Urusane mung aku karo kowe, ngerti?" muni mangkono karo nguncalake amplop.
Aku banjur makbrabat mlayu metu terus nggeblas karo luhku dleweran ora bisa mandheg.
Tekan ngomah aku kaya kena angin lesus, tanpa daya, tanpa swara.
Apa sing taklakoni dudu karepku, dudu niyatku.
Nanging yagene kedadeyan mau bisa tumama marang awakku?
Sapa sing salah, sapa sing kudu tak sambati.
Aku durung mudheng prekarane, durung mudheng purwane, nanging dumadakan ana lesus kang nrejang awakku.
Let rong ndina aku ditelpon maneh, supaya teka ing omahe dheweke maneh.
Aku ora bisa nduwa lan muni ora. Nanging aku wis siyaga, yen ta banjur kedadeyan maneh pancen aku wis niyat, lire kanggo nylametake kulawargaku.
"Kulanuwun," aku uluk salam.
"Ehh mangga, Dhik. Radi repot nggih?" kandhane mbagekake aku.
Aku rada bingung, kok beda karo wingi, kok saiki alus, luwes tur rapi, nganggo klambi putih sing larang kae, clanane biru tuwa, atiku dheg-dhegan kaya ana rasa liya jroning atiku.
Aku ndomblong kaya sapi ompong.
"Dhiikk!" Aku rada gragapan.
"Ngene, sepisan, aku nyuwun pangapura prastawa winginane kae.
Aku wis ora sabar nyawang sliramu wiwit aku ketemu ana omahmu. Nanging saiki beda, sliramu yen bisa tak wengku pisan ngopeni omahku sing sijine.
Bab petungane sisihanmu karo aku wis dianggep ora ana.
Kabeh mau bisa digoleki, nanging yen atiku lan atimu sapa sing bisa nukokake," kandhane karo mesam-mesem.
"Nggih mboten ngaten ta, Mas," aku mangsuli.
"Ah ora sah basa, kaya karo sapa wae. Undangen aku Lilik ngana wae, piye lan apa karepmu," praupane serius.
Aku noleh ngiwa nengen, sepisan maneh kanthi premati tak sawang isen-isening omah iki.
Aku wis kebanjur teles, wis kembroh, apa alane yen aku nyoba kenthir ing banjir asmara iki?
"Ngene lho, Mas Lilik. Piye yen awake dhewe iki mung kekancan raket wae, prekara kersane njenengan iku tiba mburi, jalaran kahananku ora nyenengake lan ngrepotake njenengan. Piye yen ngono?" pitakonanku tak wanek-wanekake.
Taksawang rada sawetara, dheweke mung meneng nyawang aku lan sabanjure unjal ambegan, karo terus nyawang aku.
"Ya ra dadi ngapa, yen pancen ngono geleme atimu.
Aku ngerti kahananmu kok. Ora susah crita aku ngerti kabeh, jalaran aku iki kanca suwe karo sisihanmu.
Saiki yo mangan dhisik, apike ing restoran ngendi?" dheweke ngadeg karo nggandheng tanganku.
Aku mung kaya kebo dituntun ora suwala, banjur mbukak garasi, aku dibukake lawang montore, lungguh jejer dheweke ana ngarep.
Ya wiwit dina iku aku dadi kanca rakete Mas Lilik.
Kanggoku, sanadyan aku wis klebus ing banjir asmara, nanging aku isih eling yen aku iki wong bener, wong sing tansah ngugemi kabecikan.
Aku ora duwe pepenginan lan nglakoni. Wong sing nyawang mesthi ora bisa nampa sing taklakoni, nanging kabeh mau merga kahanane uripku.
Apa maneh bareng Mas Lilik nyukupi kabutuhanku lan pepenginanku tumrap sandhangan saksedulurku.
Luwih-luwih nalika panggonane wong tuwaku ketaman banjir banyu kali, dheweke kaya pahlawanku, nguripi sarta nulungi kabeh kabutuhane wong tuwaku.
Aku dhewe nggumun lan suwe-suwe aku nduweni rasa simpati marang dheweke.
"Apa kaya ngene iki ya urip sing mulya kuwi?" ngono batinku, aku kaya wis sulap marang kahanan ndonya.
Wiwit nem tahun kepungkur aku jejodhowan karo sisihanku, uripku tansah kecingkrangan.
Tenagaku takperes, ragaku takbanting rina wengi kanggo nyukupi kabutuhan urip.
Durung nate aku tembunge "diblanja", sanadyan dheweke nyambut gawe.
Nanging sing diudi lan disregepi mung perkara saresmi, kanthi alesan "kowe bojoku".
Malah nate saben-saben arep ngajak saresmi, milara aku.
Mbuh sing napuk rai, nyakot awakku kanthi alesan gemes lan isih akeh panandhang sing tak lakoni.
Sanadyan aku sambat, nanging malah saya nekat, kaya wong sing nduweni kelainan jiwa kae.
Nanging kabeh ora ana sing ngerti, wong tuwaku utawa mara tuwaku ngertine aku rukun lan becik wae.
Dumadakan ana kedadeyan mau, ngerti-ngerti dheweke duwe petungan sing ora sethithik karo Mas Lilik.
Ee, ya Allah, Gusti, apa iki ya panandhangku kang kudu tak lakoni.
Nyaure petungane sisihanku karo wong sing jeneng Lilik jebul nganggo awakku.
"Dhuh Gusti paringana kuwat lan sabar, supaya aku bisa nutugake momong anakku sing mung siji thil kae," sambatku kanthi luhku kang tanpa bisa diendheg, bantal sing tak turoni teles kebes, kaya telese awakku kang kena banjiring asmara duraka.
"Kulanuwun? Menapa leres menika dalemipun Mbak Umi?" ana pawongan gondrong nganggo topi mara ana omahku.
"Inggih leres, wonten menapa?" pitakonanku karo dheg-dhegan.
"Menapa leres panjenengan kanca raketipun Lilik? Gampangane pacare lah. Menawi leres, kula aturi tumut kula dhateng kantor".
Durung tak wangsuli, wis ana mobil Kijang biru ana ngarep omahku lan aku digawa mlebu.
"Ngaten lho Mbak, Lilik punika buron aparat amargi kiyambakipun kalibet urusan aparat. Pramila menawi mangkih panjenengan dipunkontak, panjenengan kula suwun ngabari kula." Mangkono kandhane priya gondrong mau.
Aku isih meneng wae, sejatine atiku lemes, jantung kaya mandheg, lan uripku puput.
Jalaran ora ngira yen Lilik kuwi kalibet urusan kriminal karo aparat. Dhasar manungsa, aku dhewe ya sulap nyawang kahanan, nanging kabeh mau amarga trekah lan polahe sisihanku. Terus aku kudu piye?
Kadi ngene kebentus ing awang-awang, kesandhung ing dalan rata.
Banjur sapa sing salah? Sisihanku, aku, utawa wong sing njiret uripku saiki iki? Makprepet aku ora kelingan apa-apa nalika semana.
"Mah, pipis". Aku gragap, anakku nglilir njaluk pipis.
Wis meh subuh, anakku bali turu maneh, aku banjur wiwit tata-tata kaya adat sabene, nyambut gawe, budhal jam setengah lima esuk, mulih jam pitu sore. "Gusti nyuwun pangapunten."

::Dening: T Suwarto::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Dúrjånå

Dúrjånå
Pak Sarmín katón gêtêm-gêtêm, ngrungókaké pawartå, yèn íng wêktu iki akèh wóng kang kélangan, akèh malíng kang pådhå bêropérasi. Sak liyané omah-omah biasa, papan kang kanggo jujugan malíng yå iku kantór-kantór pêmêrintahan.
Pak Sarmín katón anyêl amargå sêtêngah tahún kêpungkúr kantóré yå pêrnah disatróni malíng. Sanadyan bapak kêpala íng kantóré ora paríng dukå marang dhèwèké, nangíng Pak Sarmín rumångså isín. Åpå manèh dhèwèké kudu ngadhêpi pitakóné bapak-bapak såkå kêpulisian, síng sêmuné kåyå nudhúh marang dhèwèké.
Pak Sarmín anggóné jågå malêm íng salah sawijiné kantór pêmêrintahan wís sawêtårå suwé, kurang luwíh wís róng pulúh tahun. Mbók mênåwå umuré wís kêtuwan mênåwå ngajókaké dadi pêgawai nêgêri, mulå dhèwèké wís mupús. Jågå malêm kanggoné dhèwèké ora nggolèki lêmbaran rupiah, nangíng ngiras pantês kanggo tirakat, mêlèk wêngi, kanggo sêsiríh. Ora ånå liyå síng diprihatinaké, didongakké sabên dinå yaiku anak lanang siji-sijiné, Parjo. Anak lanang síng didåmå-dåmå, digadhang-gadhang lan digayúh mugå-mugå bisa mikúl dhuwúr mêndhêm jêro marang dhèwèké.
Parjo salah sawijiníng pêmudha kang gagah, dêdêg piadêgé éntúk, lan praupané ya ora pati nguciwani. Mulå ora maido yèn duwé pêpinginan dadi pulisi. Nanging Pak Sarmín sêmpat was-was, sawisé lulús SMA, Parjo wís nyobå ndhaftar dadi pulisi kapíng pindho, nangíng gagal têrús, lan ora mangêrtèni åpå síng nyêbabaké gagalé. Yèn ditakoni jaré kabèh ujiané yå biså nggarap, ujian fisik yå biså, mbók mênåwå nasibé waé sing durúng apík.
Róng ndinå iki Pak Sarmín ora doyan mangan, amargå mikír pênjaluké anaké lanang. Anak lanang siji-sijiné ora tau njalúk, njalúk pisan waé dhèwèké ora biså nuruti. Parjo pancèn arang nêmbúng njalúk marang wóng tuwané, wís kulinå såkå cilík, kêpingín klambi waé ora bakal nêmbúng marang wóng tuwané. Nèk ditukókné yå diênggo, nèk ora yå múng mênêng waé. Róng ndinå kêpungkúr Parjo sêmpat ngómóng marang bapaké,
"Pak, pripún nèk kulå pênjênêngan pundhútké mótór, krédit mawón, mêngké kula tak ngojèk, hasilé rak sagêd kanggé ngangsúr..., timbangané kulå nganggúr wóntên ndalêm, sak mênika padós pêdamêlan nggíh angèl?!".
"Jo..., Jo... åpå kowé ki ra ngêrti, dinggo nyukupi butúh sabên dinané waé kangèlan, la kók dinggo tuku móntór!, kowé kuwi nglindúr pó piyé?"
"Nggíh sampún....".
***
Têlúng sasi wís mlaku, rikålå wêktu ngasar Karmo, adiné lanang Pak Sarmín nyêdhaki lungguhé Pak Sarmín têrús ngómóng kanthi sora lan sêmangat makantar-kantar, "Mas... Mas Sarmín, ati-ati lho Mas... sakiki wis wiwít akèh pêncurian, malíng-malíng wís mêrajaléla manèh, kåyå têlúng sasi kêpungkúr, iki malah tambah nêmên."
"Mo... Mo! Ómóng kók pathing pêcóthót, mêrajaléla ki åpå cobå?"
"Hé... hé..., êmbúh Mas, wóng aku gúr mèlu-mèlu koran kaé kók! Níng tênan lho Mas, soalé síng diarah sakiki kantór-kantór manèh, biasané njikúk kónmutér, síng di jikúk åpå ya... anu, nèk ora salah jênêngé cé... pé... u."
"Mbók nèk ra mudhêng ki takón sík, dadi nèk ómóng ora ngisin-isini, kónmutêr ki bèn mumêt på?! Síng bênêr ki kómputêr....., cah nèk ra tau mangan sêkolahan yå kåyå kowé kuwi...."
Ngrungókké sindhirané kakangé, Karmo gúr njêgègès, malah têrús nêrangaké nganggo bahasa Indonésia.
"Coba bayangkan dalam satu bulan saja di sêkitar kita ini sudah têrjadi lima kali pêncurian dan anèhnya sêpêrti di jadwal. Hari ini sêbêlah barat, dua hari kêmudian timúr, têrús sêlatan, utara... wah uédan tênan. Apa polisi tidak bêrtindak yå Mas?! Wah..... sungguh têrlalu!" Karmo nirókaké gayané salah sawijiné pêran ing sinêtrón Êntóng.
"Iyå, aku ngêrti, têrús aku kón ngåpå?" sêmauré Pak Sarmín.
"Lho.... Sampéyan niku pripún tho Mas, lha wóng kêmarin kan kantóré Mas Sarmín baru dapat kiriman lima sèt kómputêr lêngkap, pasti mêréka sudah tahu. Saya yakin lima ratús pêrsèn kalau sêbêntar lagi pasti mênjadi TO-nya para pêncuri itu!".
"Kowé kuwi ómóngan nyêlót ra nggênah, lé mu sinau bahasa Indonésia ki nèngêndi to Mo, wóng yakin kók limangatús pêrsèn, éh.... Mo, TO kuwi åpå tó?"
"Wah Mas Sarmín ki kurang gaúl tênan, TO itu singkatan dari Targèt Opêrasi!! you know?!... yå opêrasinya pårå pêncuri itu," Sarmo njawab karo nyêngèngès.
"O... alah Mo... Mo, mbók nyêbút. Lha wóng kowé kuwi gúr lulusan kathók cêndhak waé kók kêmaki!"
Durúng suwé anggóné pådå rêmbugan, Parjo katón nyêdhaki bapaké karo nggawa bungkusan.
"Pún dangu, Lík? Niki kula tumbaské gorèngan, mumpúng taksíh angêt. Niki Pak kula tumbaské sês, rêmêné bapak!" Parjo ngulúngaké rókók marang bapaké. Karmo njawab pitakóné ponakané térús nyaút témpé gorèng lan lómbók rawít.
"Wah kowé kalêbu wóng síng untúng, Mas! Anak múng siji, gèk ngêrti marang wóngtuwå. Lha aku iki anak papat, jan blas ora ånå síng ngêrti siji-sijia. Åpå manèh nukókké rókók, isané ya nyêlêri rókóké bapaké! Parjo ki sakiki kêrja nènggêndi ta, Mas?"
"Ora kêrjå åpå-åpå, nèk tak takóni jaré yå múng bísnís kêmbang karo kancané, kuwi lho... síng jênêngé Jêmani karo Gêlómbang Cinta åpå piyé? Aku ra pati mudhêng."
***
Wiwít soré råså atiné Pak Sarmín ora kêpénak, tansah was-was ora ånå jalarané. Biså ugå yå amarga pêngarúh ngimpiné dhèk wingi bêngi. Ngimpi síng kanggoné wóng-wóng jaman ndhisik ånå sasmita síng ora bêcík. Miturút piwulang Jåwå, ngimpiné ånå pérangan wêngi kang diarani puspåtajêm, miturút pårå pinisêpúh biyasané bakal numusi. Pak Sarmín ngimpi yèn untu nduwúr pathal siji.
"Pak..., mbók rasah digagas, lha wóng ngimpi kuwi kêmbangé wóng turu...," ngono sêmauré bojoné rikålå dicêritani ngimpiné. Udåkårå jam wolu bêngi, Pak Sarmín mangkat mênyang kantór nindakaké pakaryané jågå malêm.
Kirå-kirå jam sêtêngah siji bêngi Pak Sarmín wêrúh klébaté wóng loro kang nuju marang ruang kómputêr, sajaké nyubriyani, têrús dhèwèké ndhêdhêpi. Nyumurupi ruang kómputêr kasíl dibukak, Pak Sarmín katón gêmêtêr, sikilé kåyå dipaku nèng njogan. Pak Sarmín gumún, malíng saiki pancèn pintêr-pintêr tênan, lha wóng ruangan ånå kunciné kók biså dibukak kanthi gampang. Diwanèk-wanèkké, Pak Sarmín nyaút kayu póthólan sikíl kursi, nyêdhaki wóng loro kang mbukak ruang kómputêr, émané praupané wóng loro mau ora katon, amargo ditutupi nganggo topèng. Sawisé cêdhak, Pak Sarmín nggêtak sak rosané, dadi kagèté wóng sakklórón mau.
"Arêp dhå ngåpå kuwi???"
Krungu suarané Pak Sarmín, pawóngan síng isíh ånå njåbå kagèt têrús mlayu sipat kupíng. Luwih kagèt pawóngan síng isíh ånå njêro, rikåla mlayu mêtu dhadhané diantêm nganggo kayu sikíl kursi, "blukk!!!" tanpa sambat sak nalikå klêngêr, lan njêbabah ånå têras. Nyumurupi síng digêbúg ambrúk, Pak Sarmín tambah gêmêtêr, katón ngós-ngósan, têrús ndhéprók ånå cêdhakké pawóngan mau. Sakwisé gêmêtêré rådå mêndha, topèngé pawongan mau dibukak.
"Lho... kók kowé, Parjo!"
Pak Sarmín sémapút.


::Dening: P Dasihanto FD::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Cerkak "Percaya marang Aku, Fic.."

Percaya marang Aku, Fic..

Lah… Judeg tenan atiku. Ora bakal aku njagong sebangku maning karo pager sing mangan tanduran. Menawa wedhus aku isih maklum, wong wedhus pancen mangan tandhuran. Lha pager? Bisa-bisane mangan tandhuran.
“Vi..” swara seru rada kasar ngagetake Alvie. Alvie malikake awake ngadhep tekaning swara. Wis ngadheg nang mburine ana Fica kang nganggo rai sepet campur jengkel angel disawang. Alvie mung mesem sinambi mbatin, ”mesti ana masalah iki bocah”. “Ngapa prengas-prenges! Kaya ora duwe salah!” ngomonge Fica kanthi sak kelas nglinguk kabeh. Fica nesu marang Alvie? Sak kelas bingung campur getun. Menawa ora weruh dhewe ora bakal percaya. Sak SMA 2 Batang ngerti kabeh sapa kuwi Alvie Kurniawati karo Septi Isnaeni Fica Fadlilah. Wong cah loro kuwi wis kaya sedulur, rana-rene reruntungan bareng. Nganti ana sing nelah “Kembar Siam” marang cah loro adedhasar cah loro wie raket nemen. Lha saiki?
“Aku ora mudheng kang kowe omongke Fic,” kandhane Alvie ngedhem-dhem.
“Menawa aku ngomong iki bab Ardhi, kowe nembe mudheng?” sinaya mesem kecut. “Ardhi? Dadi iki masalah bab Ardi?,” Alvie mbatin.
“Heh, aku takon marang kowe!!,” Fica selak tambah sewot.
“Iki mesthi salah paham, ” batine.
“Sabar Fic, iki mesthi mung salah paham”.
“Salah paham apane!! Ora usah nutup-nutupi atimu sing kaya bangke!”.
Dheg.. kaget nemen Alvie krungu omongane fica nembe. Jan ora tau Fica ngomong kasar kaya nembe. “Segedhe apa si salahku nganti kanca raketku ora percaya maneh karo aku”.
“Ngapa si kowe kudu menikam dari belakang? Ngomong apik-apik wae aku ya bakal bisa ngerteni perasaane kowe! Ora kaya iki carane!” Alvie sih rung mudheng Fica ngomonge mlakune meng ngendi.
“Maksude kowe apa si? Kok nyangkut-nyangkut perasaanku mbarang? Ngawur kuwi ngomongmu”, Alvie melu nesu.
“Isih takon! Kowe uga seneng kan karo Ardhi?” kandhane Fica, kang nggawe jantunge Alvie arep menculat saka panggonane.
“Teng..teng..”, beja bel mlebu muni. Alvie njupuk tase arep diselehake nang meja. Nanging Fica langsung nyekel tangane sinambi nyawang sengit ora ketulungan. “Aku sungkan njagong karo pager sing mangan tandhuran. Menawa kowe wedhus aku isih maklum, soale wedhus pancen mangan tandhuran. Lha nek pager? Kowe pengen ngerti? Lha kuwi kowe, pager mangan tandhuran!”. Alvie mung bisa meneng sinambi mlaku golek kanca kang gelem ijolan jagongan karo dheweke. Ardhi? Kok bisa-bisane? Iki mesthi gara-gara Ardhi. Kepriye wae carane, dheweke kudu ngrampungake masalah iki. Dheweke ora gelem kekancanane karo Fica bubar gara-gara cah lanang kang ora pantes ditresnani.
Pancen, telung dina wingi Ardhi teka menyang omahe. Ora nganggo basa-basi langsung wae ngomong menawa dheweke kuwi seneng marang awake. Ardi pacaran mung kanggo nyedhaki Alvie.  Karoan pede ngomong dheweke ngerti menawa Alvie uga seneng dheweke.
“Wes.. kowe tampanana tresnaku. Mulai saiki dhewe pacaran wae. Soal Fica ora usah dipikiri. Dheweke kan kancamu, mesthi bisa ngerteni kok Vie,” ngomonge Ardhi enteng tanpa mikir kepriye perasaane Alvie pas iku.
“O… arep sephia-sephiaan iki ceritane?” Alvie takon marang Ardhi. Ardhi mung meneng, yakin nemen menawa Alvie gelem pacaran karo dheweke. “Oalah.. cah ora duwe isin,” Alvie mbatin.
“Kowe  kuwi cah ko bejat temen ta! Ora duwe isin. Menawa Fica ngerti aslimu, dheweke mesthi ora bakal gelem karo kowe!” saut Alvie nesu.
“Dadi kowe ora gelem karo aku? Oke, elingana. Delok wae mengko, sapa sing bakal dipercaya marang Fica. Kowe apa aku!”. Klepat, Ardhi lunga numpak motore. Mung ninggalake kebul saka knalpot motore.
Alvie nembe kemutan. Jebul iki ta artine omongane Ardhi winginane. Dheweke arep misahake Fica karo awake. Ngracuni pikirane Fica nganggo ngomong menawa awake arep ngrebut Ardhi saka Fica.
“Sek Fic, aja ditutup hapene. Aku arep ngomong marang kowe. Arep tak jelaske kabeh Fic,” njaluke Alvie.
“sak durunge kowe ngomong, aku sing pak ngomong sek! Ora usah diselo. Apa tau aku gawe lara atimu? Apa tau aku njahati kowe. Ora perlu dijawab, arep tak jawab dhewe. Ora tau kan!! Apa si sing kurang saka aku? Kowe susah ya aku nang sisihmu.  Nanging nangapa kowe kaya kuwi marang aku, hah!” swara saka sebrang.
Atine Alvie kaya disuwek-suwek, dicakar lan diiris-iris. Tangane ora kuwat maneh nggoceki hape. Mung diselehake, ora mikiri Fica kang ngadili awake sakarepe dhewene. Percuma ngomong karo Fica, dheweke ora bakal gelem ngrungokake penjelasane.
“Kepriye? Siap dadi sephia?” ngecene Ardhi marang Alvie nalika Alvie sore iku nekad marang ngomahe Ardhi. Alvie mung mandheng kanthi sengit tekan mbun-mbun sirahe.
“Ala temen si kowe. Caramu licik, ngancurake kekancanane aku karo Fica. Salahku apa marang kowe, Dhi?”.
“Salahmu ora akeh tah. Mung siji, yaiku ora gelem dadi pacarku,” tandhase Ardhi. “Menawa Fica ngerti, mesthi dheweke ora gelem karo bocah kayak kowe Dhi.”
“Buktine dheweke gelem. Nganti seprene ora tau ana sing ora gelem karo aku. Mung kowe!”.
“Aku dudu bocah goblog sing bisa kowe bodhoni kaya liyane”.
Bocah loro mau ora ngerti menawa jebule Fica wis ana ing kono. Fica nggandheng tangane Alvie. Ardhi jan kaget ora karuan jebul Fica wis ana ing kono embuh saka kapan.
“Aku pancen goblog Vie wis gelem karo cah bejat kaya kuwi!!” omonge Fica karo mandeng marang Ardhi kang gemlasah ora karuan.
“Aku wis krungu kabeh apa kang mau diomongke. Ora nyana jebul aku wis diapusi karo kowe Dhi!! Wis ayo Vie, lunga saka kene,” ujare Fica sinaya nggered Alvie metu saka omahe, ninggalake Ardhi kang bingung campur wirang.
Nang dalan, Fica terus-terusan wae njaluk ngapura karo Alvie. Alvie mung bisa mesem, seneng masalahe bisa kelar sanajan ora kudu njelasake marang Fica. Sore iku Fica nguja arep menyang omahe Ardhi kanggo njaluk penjelasan saka Ardhi. Nanging arep mlebu Fica krungu swarane Alvie kang lagi padu karo Ardhi. Dadine dheweke mung nang njaba sinambi ngrungokake kabeh kang diomongake cah loro.
“Ora gelo Fic bubar karo Ardhi? Ardhi kan ngganteng?” pitakone Alvie marang Fica. Fica mung meneng, ora semaur. Bingung karo perasaane dhewe. Mbiyen ya tresnane sak gedhen-gedhen ngungkuli gunung Slamet. Saiki banjur ngerti asline Ardhi, tresnane embuh mabur menyang ngendi.
“Ora lah, aku malah bersyukur ngerti sak durunge kabeh dadi bubur Vie,” ujare Fica mesem seneng.
“Lha bab kowe ngomong aku pager mangan tandhuran apa bener?” pitakone Alvie. “Ora Vie,” wangsulane Fica sinambi gedheg. “Ngapurane ya, gara-gara Ardhi aku ngomong sing ora-ora marang kowe. Kowe kuwi ta kancaku kang paling ngerti aku, he he,” Fica ngguyu.
“Brarti kowe kuwi dudu pager, nanging wedhus,” tambahe Fica karo ngguyu. Raine Alvie langsung semu abang. Ora apa-apa tah, mung Fica ngomong nang tengah angkot kang lagi ditumpaki. Ya wong sak angkot mung mandheng sinaya nguyu cah loro kang saiki wis raket maneh.




  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Cerkak Jalaran Tresna Bandha

Jalaran Tresna Bandha
anggitan Yunita Dyah Wahyuningrum

Bengi iki rinasa nglangut. Ora ana endahe sumunar wulan amarga mudhune udan bengi kang riwis-riwis. Kahanan sepi banget. Hawa tambah atis, anyep, njejet.
Kahanan mengkono gawe Anjani nangis sinambi mandhengi poto dheweke lan wong tuwane kang kinasih. Anjani isih kelingan pungkasan omong-omongan karo  wong tuwane telung dina kepungkur.
Nalika iku wong tuwane pamitan karo Anjani arep tindak Jakarta saperlu ngurusi bisnise.
“Ndhuk, Ibu lan Bapak pamit ndhisik ya,” ngendikane ibune marang Anjani.
“Nggih Bu, ampun kesupen tumbaske oleh-oleh nggih!” ujare kenya umur 20 taun iku karo manja.
“Iya ndhuk, ora usah kuwatir. Kowe ning omah sing ati-ati ya! Latian mandiri. Aja kapancang karo Pak Truna terus. Bapak lan Ibu ora suwe ning Jakartane kok. Menawa ana apa-apa kowe tilpun wae!” pesene Bapake marang Anjani.
“Ya wis ya ndhuk, Ibu lan Bapak mangkat ndhisik amarga wis awan ben pesawate ora telat,” pamite ibune.
Anjani lan wong tuwane banjur pada salaman lan cipika cipiki sakdurunge wong tuwane mlebu maring montor kang arep ditumpaki menyang bandara. Montor kuwi isih anyer gres, nembe tuku rong minggu kapungkur.
Wong tuwane Anjani, Pak lan Bu Bratawan kuwi sugih banget. Omahe gedhe lan amba, montore jejer ana lima ing garasine. Perusahaane uga akeh lan ana ning ngendi-ngendi, mula Pak lan Bu Bratawan misuwur dadi wong kang paling sugih ing kutha Yogyakarta. Sanajan sugih nanging Pak lan Bu Bratawan kuwi ora sombong, seneng tetulung marang sapa wae sing butuh pitulunge. Akeh wong kang seneng marang wong lorone uga karo Anjani.
Durung nganti tekan anggone lunga menyang Jakarta, Pak lan Bu Bratawan uga supire tiwas ing kacilakaan sakdurunge tekan bandara. Montor sing ditumpaki ringsek, ajur karo wonge uga.
Kelingan perkara kuwi, tangise Anjani saya banter. Dheweke ora bisa turu mikiraken wong tuwane kang wis ora ana ing donya iki. Apa Kenya kuwi bisa nerusake uripe uga bisnise tanpa wong tuwane. Anjani ora duwe sedulur maneh. Dheweke mung anak sisi-sijine. Ning omah kuwi Anjani urip karo Mas Prasetio kang mas angkate, Pak Truna abdi satuhune, loro rewange, lan loro satpame. Biyen Prasetio diadobsi wong tuwane nalika isih cilik saka panti asuhan amarga Anjani kepengin nduwe kang mas.
Esuk-esuk Anjani wis ketekan tamu. Tamu kuwi dudu sembarang tamu. Wong lanang isih enom kang awake bregas. Sorot matane nggawe tentrem atine Anjani. Pejaka kuwi jenenge Afrizal, polisi kang diutus nglaporaken marang Anjani sebabe kacilakan kang nimpa wong tuwane.
“Mbak Anjani, Pak lan Bu Bratawan tiwas ing kacilakan amarga rem montoripun blong,” laporane Afrizal.
“Kok saged mekaten mas? Montoripun rak taksih enggal?” pitakone Anjani karo bingung.
“Wonten ingkang sengaja ndamel rem montoripun blong, ananging tim kepolisian dereng mangertosi sinten pelakunipun.”
Anjani lan Afrizal banjur omong-omongan babagan kuwi uga babagan liyane. Wong loro kuwi dadi akrab banget.
Sakpamite Afrizal bali menyang kantor polisi , pikirane Anjani mlayu-mlayu ngluru sapa sing tega nggawe cilaka wong tuwane. Anjani curiga marang Pak Truna, sanajan dheweke wong kepercayan wong tuwane. Kahanan omah iki  sing ngurusi Pak Truna kabeh. Bisa wae Pak Truna sengaja mejahi wong tuwane kanggo nguwasai harta bandhane. Pikirane Anjani terus wae muter-muter nganti dheweke turu anglas.
Nalika jam siji bengi, Anjani nglilir amarga krungu swara gemlothak. Ing njaba kamar kaya ana wong mlaku. Anjani tangi, ora lali ngesak hp ing kathoke. Anjani mbuka lawang, kenya iku kaget weruh Pak Truna ing ngarep kamare kang uga kaget weruh Anjani.
“Wonten napa Pak Truna ndalu-ndalu teng mriki?” pitakon Anjani karo wedi.
“Kula boten saged tilem diajeng. Kawit mau raose boten sekeca, mula kula lajeng mriksa griya punika,” ujare Pak Truna.
Anjani wedi marang Pak Truna. Sapa ngerti dheweke arep mateni Anjani ben bisa nguwasi harta bandhane Pak lan Bu Bratawan.
“Pak Truna, kala wau enjing wonten polisi ingkang rawuh menika seperlu nglaporaken bilih wonten ingkang sengaja ndamel rem montoripun Bapak Ibu blong merga tiwas ing kacilakan,” ujare Anjani.
“Diajeng kok nembe kemawon cariyos? Lajeng sinten ingkang ndamel remipun blong?” pitakone Pak Truna.
“Polisi dereng ngertos, taksih dipunselidiki dening mas Afrizal,” wangsulane Anjani.
Grobyag! Ana swara barang runtuh saka buri lemari cedhak undhak-undhakan. Aku lan Pak Truna kaget banjur nyawang mrana.
“Wonten napa Pak? Sajak kok wonen sing obah? Kordene uga obah padahal ora ana angin?” panylethuke Anjani.
Pak Truna gage marani ing sumber swara mau. Sajak ana barang kang kudu dideleng, ditiliki, yen ana wonge perlu dicekel, ditangkep. Ora pati ketok jelas amarga peteng, lampune mati. Anjani nginthili Pak Truna karo nelpon Afrizal supaya teka.
Dumadakan, saka buri korden cedhak lemari metu wonge banjur gage mlayu medhuni undhak-undhakan. Wong mau nganggo klambi sarwa ireng malah uga nganggo tutup sirah. Pak Truna banjur ngoyak medhun wong mau. Anjani mung bisa keweden.
“Diajeng Anjani mlebet kamar mawon,” jerite Pak Truna karo mlayu medhun.
Anjani ora langsung mlebu kamar, dheweke marang kamare mas Prasetio ndhisik jaluk tulung. Anjani kaget amarga mase ora ana ing kamare. Anjani banjur mlebu kamare dhewe, lawange dikancing rapet.
Ing ngisor Anjani krungu wong bantah-bantahan. Genah Pak Truna ketemu karo wong liya ing ngisor. Apa wong sing mlayu ndhisik mau? Sajak padha padu. Ragejegan lan rame banget, nanging ora jelas padha ngomongke apa. Banjur padha meneng, ganti polah. Ganti swara bekah bekuh sajak padha adu kekuwatan. Banjur ana swara beling pecah. Pyar! Banjur sepi. Sepi sewetara wektu, banjur ana swara wong njerit ping pindho. Sepi meneh, padha menyang ngendhi wong-wong mau? Kepriye kahanane Pak Truna? Kenya kuwi kepengin metu nanging ora wani. Nomer hapene Afrizal ditilpun bola-bali ora diangkat.
Anjani banjur nekat metu saka kamar. Alon-alon Anjani medhun nuruti undhak-undhakan. Dheweke mung bisa pasrah. Barang tekan ngisor, Anjani kaget weruh ana wong telu ndlosor ing jogan. Sing siji yaiku Pak Truna, dene sing loro rewange. Wong-wong kuwi wis padha adus getih. Anjani nangis lan njerit sakbanter-bantere.
Anjani ora krasa yen ing mburine ana wong kang nginjeni dheweke. Anjani disikep marang wong kuwi nganti ora bisa obah. Kenya iku ora bisa nglawan amarga tangane wong mau luwih kuat.
“Aku arep mateni kowe dek!” ujare wong mau.
Anjani ngenali swara kuwi. Swarane mas Prasetio.
“Kowe to mas jebul sing mejahi Pak Truna?” pitakone Anjani.
“Ora mung Pak truna, nanging Bapak Ibumu uga aku sing mateni. Aku sing gawe rem montore blong. Hahaha...”
“Dasar wong edan. Air susu dibalas dengan air tuba. Apa sing diparingi Bapak Ibu ora cukup mas? Jahat tenan kowe mas!” ujare Anjani karo nangis.
“Ora cukup dik. Aku butuh hartamu kabeh ben aku dadi wong sugih sak-Yogyakarta. Wis ora usah kakehan omong, saiki giliranmu nusul wong tuamu menyang akherat!”
Prasetio nyekik gulune Anjani. Ora ngerti, saka buri wis ana Afrizal kang arep nulungi Anjani. Sirahe Prasetio dipenthung nganggo kayu nganti kelaranen lan nguculke Anjani. Ora lali Anjani nendhang selangkangane Prasetio nganti nglarah ing jogan. Banjur polisi-polisi sing teka karo Afrizal mborgol tangane Prasetio lan digawa menyang kantor polisi.
Anjani banjur nyikep awake Afrizal kang bergas karo nangis.
“Maturnuwun mas, panjenengan sampun nulungi kula,” ujare Anjani sesenggukan.
“Ora usah sungkan dek, iki wis dadi tugasku. Aku seneng bisa nulungi dek Anjani.”
“Saiki aku wis ora duwe sapa-sapa maneh. Wong-wong sing daktresnani wis dipejahi mas Prasetio kabeh.”
“Dik Anjani isih duwe aku. Aku arep ngancani kowe nganti kaki nini mengko.”
Wong loro kuwi banjur mesem, isin marang awake dhewe-dhewe.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS