- purwaning panyitra ri respati/ ping rongpuluh sasi dulkangidah/ jimawal nudya tauné/ sèwu lan wolung atus/ pan sawidak langkung satunggil/ prangbakat wukunira/ srat wirit puniku/ anggitan dalem sri nata/ ping sakawan ing surakarta nagari/ ratwambeg waliyollah
- déné kabèh-kabèh kang tinulis/ laku-laku miwah sangat-sangat/ tuwin dina lan tanggalé/ myang ukur sadayèku/ ingkang ala lawan kang becik/ tuwin nahas myang sangar/ taliwangkénipun/ tuwin ta kang ringkel janma/ samparwangké dhungulan kudhu mabehi/ sapapadhané uga
- dina ala lawan dina becik/ lamun tamban bisa ngarah-arah/ ingkang becik kang pinilèh/ yèn kasusu ing laku/ kaya priyé nggoné amilih/ ala becik tinrajang/ aja was ing kalbu/ pasraha marang pangéran/ pati urip lara waras lawan malih/ begja lawan cilaka
- iku dudu gawéaning janmi/ atas saking kang murbèng alam/ ingkang manci sakabèhé/ aja sak serak kalbu/ den kumambang wisésèng widdhi/ manungsa mapan darma/ obah osikipun/ pan pitulunging pangéran/ nora nana dadya kuwaté pribadi/ anging pitulunging dadya
- dèn kumambang wisésaning widdhi/ upamané badaning manungsa/ lir sarah nèng lautané/ saparané pan anut/ mring ombaking sagara yekti/ yèku mapan sanépa/ ning manungsa iku/ mulané ana bebasan/ wong kakéhan sakarat iku sayekti/ pan kabèh ing manungsa
- duk uripé nèng donya puniki/ sadina-dina pan wis sakarat/ miwah sawengi-wenginé/ manggung sakaratipun/ melèk turu sakarat ugi/ mila aran sakarat/ wong nèng donya iku/ déné ta ing salaminya/ urip iku nèng donya tan pegat dening/ layar sagara rahmat
- ngalor ngidul ngétan ngulon nenggih/ nggoné layar pan nora tumeka/ iya marang dharatané/ mila tan ana mungguh/ ing dharatan déning jaladri/ tanpa tepi punika/ prandéné kang weruh/ layar sadhéla tumeka/ ing dharaté kang sagara tanpa tepi/ suprandéné ya ana
- ing tepiné grahitanen ugi/ déné wus aran iku sagara/ tanpa tepi suprandéné/ kaya na tepinipun/ ngengkol temen basa puniki/ kepriyé yèn kenaa/ kinira ing kalbu/ dinuga-duga watara/ saking kira-kira mapan datan keni/ kajaba kang wus wikan
- ing tepiné ingkang jalanidhi/ sagara rahmat kang tanpa ombak/ nanging gumleger aluné/ samun lamun dinulu/ sawangané resik tur wening/ mila kang sami layar/ tan nganggo parau/ nyana tan na pakéwuhnya/ yèn tinrajang telengé kèh parangcuri/ mila arang kang prapta
- ing tepiné ingkang jalanidhi/ déné alayar tan mawi palwa/ alangka teka pinggiré/ barakané puniku/ kathah kèrem katanggor curi/ mila ayun waspada/ ing pakéwuhipun/ iya kang sagara rahmat/ mapan kathah pancabaya jro jaladri/ mila arang kang prapta
- mapan arang ingkang angawruhi/ ing parnanhé kang sagara rahmat/ tur sarina sawenginé/ wong aneng donya iku / alelangen ana jaladri/ jroning samodra rahmat/ prandéné arang wruh/ saking kalingan ing tingal/ kalimputan pancabayaning ngaurip/ mila arang waspada
- yèn arsa layar marang jaladri/ sagara rahmat mawia palwa/ sarta lawan kamudhiné/ pandoman sampun kantun/ myang layaré dipunabecik/ miwah sangu nèng marga/ ywa kirang dèagung/ yen tan mangkono tan prapta/ ing tepiné iya sagara rahmati/ pan mundhak akangèlan
- baitané pan eninging galih/ kamudhiné pan anteping tékad/ sucining kalbu layaré/ pandomané punika/ pituduhé guru kang yekti/ sanguné ngèlmu rasa/ lakuning parau/ kalawan murahing edad/ yen tumeka anèng tepining jaladri/ ingkang sagara rahmat
- dadi bodho wong puniku nenggih/ milanipun bodho wong punika/ déné tan wruh ing dhèwèké/ pan suwung jatinipun/ nggih punika pan wus udani/ jroning sagara rahmat/ kaélokan tuhu/ lungguhipun akadiyat/ duk layaré wahdad lungguhipun malih/ angkaté wakidiyat
- iya dipunkawruhana malih/ iya sagara patang prakara/ ika ta wiji-wijiné/ ingkang rumiyin iku/ sagara dad namanirèki/ ping kalih pan sagara/ sipat namanipun/ ping tiga sagara apngal/ namanira kaping patipun puniki/ aran sagara asma
- yèn ta durung wong iku udani/ ing prenahé sagara papat]/dunungé wiji-wijiné/ durung sampurna iku/ ing kawruhé maksih sak serik/ sayogya ngupayaa/ taatkon kang luhung/ aja mupus barang karya/ mapan wenang mungguh wong urip puniki/ bubuhané ikhtiyar
- karana abot babo wong urip/ mapan nampik milih iku wenang/ yèn milih ala wong kuwé/ dadi wong tanpa kusur/ yè ngemungna milih kang becik/ dadi wong tan pangrasa/ kudu becik iku/ pan asungkan lamun ala/ yè miliha ala sungkan nganggo becik/ wong kasar ambelasar
- dipunsami marsudi ing budi/ puniku lambangé kuna-kuna/ pinrih grahitané dhéwé/ nggèn taki-taki ta wruh/ aja lawan pakon liyaning/ pinrih marsudi akal/ ing tyas dèn karaus/ sampu ngemungaken tedah/ tedah guru pribadi ingkang marsudi/ darapon kapanggiha
Suluk Saben Dina
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar