Tegese Tembung

  1. Kempel = saged keket boten gampil buyar, kadosta: lempung
  2. Ngrempel = ngempal dados sapanggènan tumrap tetuwuhan (ingkang cacahipun sekedhik)
  3. Ngrompol = ngempal dados sapanggènan tumrap tetuwuhan (ingkang cacahipun kathah). Ugi kénging tumrap tiyang utawi kéwan. Ngrompol = nggrombol.
  4. Nggrembel = ngempal dados sapanggènan tumrap tetuwuhan alit-alit ingkang kathah ronipun.
  5. Nggrombol = ngempal dados sapanggènan tumrap tetuwuhan ingkang radi ageng lan kathah ronipun; ugi tumrap tiyang utawi kéwan.
  6. Grumbul = ngempal dados sapanggènan tumrap tetuwuhan ingkang radi ageng lan kathah ronipun.
  7. Ngrempoyok = kathah lan dhedhompolan tumrap woh utawi sekar.
  8. Ketel = kathah lan kerep, tumrap rambut utawi ron.
  9. Mbiyet = kathah lan kerep, tumrap woh.
  10. Ngrembuyung = kathah lan kerep, tumrap ron.
  11. Rungkud = ketel sarta kathah tetuwuhanipun.
  12. Njembrung = ketingal reged jalaran ketuwuhan rumput kathah, kadosta: plataranipun njembrung. Yèn tumrap jogan (jogan njembrung) = reged jalaran kathah uwuhipun.
  13. Kerep = celak sanget antawisipun (tumrap tanaman, panabuhipun gamelan lsp.)
  14. Rengked = kerep sanget (boten renggang), kadosta tumrap nam-naman.
(Padmosoekotjo, Memetri Basa Jawi III, hal. 82)

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar