Awak pendhèk budi ciblèk = rupinipun awon, manahipun inggih awon
Sumengka pangawak braja =kumendel, kamipurun
Kawuk ora weruh salirané = nacad tiyang sanès, boten mangretos biliih badanipun piyambak langkung awon tinimbang ingkang dipuncacad
Ora gembung ora irung = mlarat sanget, boten gadhah menapa-menapa
Pidak sikil jawil mungkur = tiyang kalih ingkang sami kekethikan
Pidak pedarakan cèkèl longaning bale = tiyang ingkang asor sanget
Dhengkul iket-iketan = tiyang bodho dipundadosaken priyantun
Olèhé njenthik arep dijempol = (barang) anggènipun nedha badhe dipuntedha
Mérang lengen = ngungasaken kadigdayanipun
http://www.facebook.com/note.php?note_id=311792707033
Bebasan
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar