Wong Turon Neng Tengah Ndalan

Mas Giman, crita punika sampun dangu kula pireng, mbok menawi ingkang kagungan crita punika malah sampun kesupen margi sampun dangu sanget.

Mangka kula tengga-tengga bu Luwi, kok inggih mboten kersa nginggahaken wonten giyaran lelangen. Pramila mas Giman, crita wau kula openi murih mindhak regeng lan gayeng kangge ngisi giyaran lelangen.

Dene ingkang kagungan crita punika warga kita piyambak, inggih punika bu Luwi Subagyo ing dhusun Cebongan.

Critanipun mekaten mas Giman :

Nalika mbak Luwi punika taksih ngasta resmi (dereng pensiun) wonten pabrik gendhis Madukismo, temtunipun bidhal lan wangsulipun rak piyambak.

Gandheng pendhak seminggu punika wonten dinten ingkang mirunggan kangge olah raga para karyawan, pramila menawi pas olah raga punika bu Luwi mboten numpak motor ning ngasta mobil.

Awit, olah raga wau sasampunipun jam kantor. Mangka kantor bibaripun jam tiga kepara langkung, lajeng dipun lajengaken olah raga.

Kala semanten ingkang dipun pendhet olah raga tenes. Racakipun inggih olah raga punika ingkang sami dipun remeni dening karyawan.

Tiyang nama sampun remen punika, biasanipun kesupen wekdal, menapa malih sampun bibar pedamelan, ingkang ateges kantun wangsul.

Kerep-kerepipun lajeng sami nglantur supe wekdal, kepara kerep pas serap punika nembe sami bibar.

Ngawekani wekdal ingkang ndungkap dalu punika, bu Luwi kagungan pemanggih, menawi langkung aman ngasta mobil tinimbang numpak motor piyambak.

Tosipun wonten manah langkung srek, mboten gadhah raos ajrih. Saking Madukisma sampun peteng, wangsulipun medal kidul Jl. Godean.

Nalika dumugi sate Munggur, bu Luwi badhe menggok ngaler punika radi bingung, lampahipun mobil gojag-gajeg.

Rahayunipun wingking kaliyan saking kilen kendharaan sepi, mila lajeng mbradhat menggok estu ngaler.

Tan kocapa mas Giman, ing sak kidul dhusun Karakan punika, rumiyin rak wonten wande bakmi (wetan mergi), ning sak punika kok mboten wonten.

Dumugi mriku bu Luwi sumerep tiyang estri tileman wonten tengah margi mujur ngilen madhep ngaler. Kasorot ing lampu mobil, tiyang wau cetha, rambutipun ngandhan-andhan, ngangge rok.

Bu Luwi kaget lan bingung batosipun lan bingung : Wong iki edan, apa arep nglalu, kok turu malang-malang neng tengah dalan.

Wusana bu Luwi cekat-ceket anggenipun manah.

Tinimbang lajeng mangkeh nabrak tiyang punika, mila mobil dipun unduraken sawetawis, lajeng banting stir wonten kanan jalan, saengga wilujeng mboten nabrak tiyang punika, senajan mobilipun bu Luwi meh ngglewang mengetan mlebet kalen menapa sabin.

Sasampunipun nglangkungi tiyang punika, bu Luwi ngendhegaken mobilipun lajeng mandhap, rekanipun badhe ngiling-ilingi tiyang punika.

Ning mas Giman, mboten kadosa kagetipun bu Luwi, dene tiyang ingkang tileman wau, blas sampun mboten wonten, gek dhateng pundi kesahipun, bu Luwi ugi mboten sumerep.

Namung kemawon, bu Luwi lajeng kraos mengkirik githokipun lan kraos ajrih sanget.

Wusana lajeng mlebet mobil bablas mengaler. Dumugi wande bakmi ingkang padhang-padhang lan ketingal tiyangipun ingkang jajan kathah, bu Luwi mandeg lan criyos :

“Bu punika wau wonten kidul mriku, wonten tiyang tileman malang-malang wonten margi, namung kula sisihi. Sareng kula mandhap badhe kula tuweni kok lajeng mboten wonten. Kula mboten mangertos dhateng pundi kesahipun.”

Mireng criyosipun bu Luwi, bakul bakmi wau lajeng ngguyu kaliyan mangsuli :

“Empun tenang mawon bu, niku mboten napa-napa, namung senengane ngganggu tiyang langkung. Mboten namung penjenengan sing diganggu, ning kathah. Empun saniki kundur mawon.” Ngono kandhane bakul bakmi mau.

Sawise krungu keterangane bakul bakmi mau, bu Luwi matur nuwun njur nerusake laku … kundur.

Ning jarene ana dalan nganti tekan daleme isih ana rasa wedi lan dheg-dhegan. Ngaten mas Giman, critanipun bu Luwi. Mugi-mugi kemawon, menawi wonten klentunipun anggen kula ngaturaken, bu Luwi kersoa ngleresaken.

Dening : Nini Klenyem

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar