Kagem Bapak kang Lagi Tindak

Sumiliring angin sore ngrayangi ati krasa sepi
Ndak anti wartamu saka paran…. ning endi?
Sepi mamring kadidene kena daya kemayan
Apa bapak ya bablas terus mengetan?
Ngliwati lumahing samodra amba sing kebak crita
Tumuju gisiking pulo sulistya memaniking buwana
Nalika wengi sunaring rembulan uga tak titipi salam
Kaya-kaya neng kene bapak malah ngawe-awe
Iki lho tampanana kangenku saka bumi kelahiran
Yen wis mbok tampa, muga bapak njur ana rasa ora krasan

Pancen pak, pulo Bali nyata mutiaraning bumi
Nusa edi eni kang saiki mbok lenggahi
Yen bapak mirengke radio, aku katut melu kempi-kempi
Kumrompyang ngumandhang ngelik swarane gamelan
Binareng kekejer kumitir obahing angga…. kocaking netra
Mula bangsa manca ilir teka ing Bali pingin nyekseni
Oh Bali... paes alammu banget endah…. gawe ati susah dadi bungah
Seni budayamu ngambar kencar-kencar tekan sanjabaning rangkah
Bali! Kapan aku bali tilik sliramu lan anak putuku?

Dening : Nini Klenyem

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar