Wara-wara



Wara-wara
 iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé.



Perangane wara-wara :
1. Judul/Irah-irahan
2. Adangiyah/salam taklim
3. Bebuka/Pambuka
4. Surasa Basa/ Isi
5. Wasana Basa/ Panutup
6. Panggenan lan titi mangsa
7. Peprenah/jabatan
8. Tapak Asma
9. Asma Terang

Tuladha wara-wara :
WARA-WARA
Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.

Awit saking punika, benjing
dinten : Setu Legi,
surya  : 27 Mei 2010
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.

Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.

Semarang, 22 Mei 2010 Waka Humas,
ttd
Hadi Sucipto

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar