Geguritan

Kelas X

 Miturut kamus geguritan
 yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru lagu lan guru wilangan mboten ajeg.






Paugeran (aturan) nyerat geguritan:
  1. Geguritan menika kalebet puisi Jawi bebas
  2. Tembung-tembungipun mboten kedah ngange basa Jawa Kuna, ananging pamilihing tembung ingkang menthes
  3. Anggenipun nyerat kedah awujud larik-larik
  4. Saben setunggal irah-irahan saged dumadi 1 pada/ larik, ingkang baku maknanipun manunggal
4 syarat menawi badhe damel geguritan:
  1. Tema, yaiku idhe baku utawi pikiran baku ingkang dados dasare geguritan
  2. Diksi, yaiku pamilihing tembung ingkang dienggo ing geguritan
  3. Sarana Retorika, yaiku alat kangge ngungkapake menapa ingkang badhe dipunandharaken ing geguritan
  4. Amanat utawi pesen ing geguritan
Titikane/Ciri-cirine Geguritan:
  1. Tembung-tembunge singkat
  2. Mentes
  3. Padhet
  4. Bisa nggunakake purwakanthi
  5. Ora nggunakake metrum/ paugeran kayadene macapat
Enem laku minangka tuntunan mekarake kreativitas:
  1. Nglatih tanggap sasmita
  2. Nangkep ilham
  3. Ngetokake tembung pisanan kang bisa nuntun tembung sateruse
  4. Ngolah tembung
  5. Menehi vitamin ing tembung-tembung mau
  6. Nyeleksi tembung
Caranipun damel Geguritan:
  1. Nemtokaken tema
  2. Milih irah-irahan ingkang sae
  3. Milih tembung ingkang sae lan mentes
  4. Antawisipun judul lan tema wonten sambungipun
  5. Saged migunakaken purwakanthi
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan:
  1. wicara   : basa, pocapan/ lafal
  2. Wirama : lagu/ irama
  3. Wirasa  : penjiwaan
  4. Wiraga : solah/ gerak, pasemon/ raut muka
Tuladha Geguritan;



ILIR-ILIR


kabeh manungsa
kabeh janma kang urip
mesthi
tekan papan kuwi
ora ngerti rama
ora ngerti biyung
ora ngerti anak-bojo
ora ngerti putu
ora ngerti embah
ora ngerti sedulur
ora ngerti awake dhewe
kabeh sarwa putih
samar
kumleyang
“pesthi Gusti”


                                    Purworejo. Mei 1993
(Geguritan di atas dimuat di Kalawarti Umum Basa Jawa DAMARJATI no 59 tahun 2008)


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar