Unsur Pawarta

Unsur pawarta ana 5, biyasa disebut nganggo istilah 5W+1H. Apa kang diwastani 5W+1H?W1 = What
W2 = Who
W3 = When
W4 = Where
W5 = Why
H = How

1. W1 = What
WHAT (apa) yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta iku.

2. W2 = Who
WHO (sapa) yaiku njlentrehkake babagan sapa utawa tokoh kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biasane dijlentrehake kanthi jangkep, kayata babagan ciri-cirine, titel, umur, lan sapanunggale.


3.  W3 = When
WHEN (kapan) unsur kang njlentrehake wektune prastawa ing pawarta iku kadadeyan. Unsur WHEN iki bisa kasebut nganggo jam, uga bisa kasebut kayata mau isuk, wingi sore lan sapanunggale

4. W4 = Where
WHERE (nang endi) yaiku njlentrehake babagan panggonan kadadeyan prastawa ing pawarta iku. Tuladhane kayata "dompet kae tiba ora kadoh saka omahku".

5. W5 = Why
WHY (nangapa/kenapa) nuduhake sebab-musabab kenapa prastawa iku kedadeyan. Biasane bisa ditiliki saka tembung "asale, sebabe, mulane".

6. H = How
HOW (kepriye) njlentrehake babagan keriye prastawa iku kadadeyan. Bisa uga nuduhake kepriye swasana ing prastawa iku.

Kabeh unsur ing dhuwur perlu ana ing pawarta. Menawa ora ana salah sijine, pawarta mau bakalan ora jangkep lan ora wutuh informasine.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

3 komentar:

Zainul Akmal mengatakan...

matur nuwun

zainulakmalis.blogspot.com

Unknown mengatakan...

Bermanfaat šŸ‘

Pintar Network mengatakan...

Suwun mas infone

Iji share blog mas
Https://www.pintar-network.ml

Posting Komentar