Tutorial Guru

Sugeng rawuh dumatheng para dwija basa Jawa ingkang sampun kersa rawuh wonten website punika. Website Sinau Basa Jawa saged dipunagem sinten kemawon kanthi cara ingkang boten susah. Namung kantun "klik-klik" kemawon wonten website punika.

Ingkang kedah dipungatosaken inggih menika :


  1. Materi namung kangge pambiyantu kemawon. Materi utama saking guru basa Jawi.
  2. Pasinaon tetep kedah wonten guru ingkang mbimbing, supados indikator pembelajaran saged dipunkuwasani dhateng siswa kanthi trep.
  3. Media pembelajaran saged dipundownload menawi wonten link download ingkang administrator sharing.
  4. Media pembelajaran Sinau Basa Jawa langkung sae menawi dijangkepi kados ta headphone, tuladhanipun kangge pembelajaran menyimak.
Cekap semanten, mugi-mugi saged dados media ingkang sae saha manfaat.
matur nuwun


administrator
Irkhamudin

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar