Tari Warok


A.    Sejarah Tari Warok
wiwit curesipun kerajaan Medang Prabu Darmawangsa Teguh, medal kerajan enggal, kadosta Kerajaan Wengker ing Gunung Lawu lan Gunung Wilis.
Kerajaan Wengker kajumenengaken dening Ketut Wijaya. Piyambakipun boten wonten hubungan kaliyan Raden Wijaya pendiri Majapahit. Ketut Wijaya pagesanganipun kados rahib Budda, ingkang boten gadhah garwa (bujang), ugi mlarat (memiskinkan diri). Kanthi tingkah laku ingkang mekaten ananging dipun “respon” para panderekipun ugi ngantos memasyarakat.
Ananging tahun 1035 M Kerajaan Wengker punika dipun kuwaosi dening Airlangga lan naminipun dipun gantos dados Kahuripan. Senaosa mekaten, para warok tetep nglampahi kewajibanipun. Saperangan wonten ingkang dados panguwaos local, ingkang dipun pitados raja supados mimpim wilayahipun.
Pungkasaning Kerajaan Majapahit tahuh 1450. wekdal punika Prabu Brawijaya V pitado kaliyan Ki Demang Suryonggalam supados jagi tilaran Kerajaan Wengker. Ki Demang Punika kerabat sang Prabu lan minangka pamimpin warok. Saklajengipun Ki Demang ngempalaken warok lan warok punika dipungulawenthah supados dados punggawa ingkang mumpuni.
Para warok langkung pinunjul sasampunipun Batara Katong gantos Ki Demang Suryanggalam. Piyambakipun jumenengaken Ponorogo lan maringi kedudukan ingkang inggil dhateng warok. Wiwit Bethara Katong pangaribawaning warok saged pinunjul ing madyaning bebrayan.
.
B.Syarat dados Warok
Warok kedah nglampahi lelakon. Kanthi syarat badan kedah resik saking dosa awit dipun isi kalih kekiyatan ghaib, kedah nyuda hawa lan napsu, nyegah dhahar lan ngombe, pinesu tapa brata tanapi ing siyang ratri. Ugi boten pikantuk hubungan kaliyan tiyang estri.
Warok ugi kedah nyiapaken ayam jago lan kaen mori ingkang dawanipun 2,5 meter, tikar pandan lan selametan sesarengan.
Bibar menika warok badhe kaisi kanthi pinten-pinten ngelmu kanuragan lan ngelmu kebatinan. Menawi ngelmu kalawau sampun mlebet wonten ing badanipun warok, kalajengaken pengukuhan amrih dados warok ingkang sejati. Kiyambakipun pikantuk senjata ingkang arupi  kolor wasiat ingkang werninipun petak, minangka senjata andalan tumrap warok.

Gemblakan.
Gemblakan inggih punika setunggaling syarat tumprap warok sejati kangge panyampurnan ngelmunipun. Jaman kapengker warok di kenal gadhahi gemblak, sangsaya kathah gemblakipun sangsaya sejati. Gemblak punika bocah jaler ingkang umuripun 8-12 tahun tampan, terawat.

C. KESURUPAN WONTEN ING TARI WAROK
Warok jaman samenika sampun beda sanget kaliyan jaman ingkang sampun kapengker, nalika kerajaan Wengker tahun 1035 M, Warok mujudaken tiyang ingkang suci, ngolah kanuragan amrih kasampurnan ngelmunipun. Ananging samenika namung mujudaken kesenian tari minangka reregeng pahargyan.
            Miturut Ki Parjan Dwija tari warok warga Ds. Tekelan, warok punika saking daerah Ponorogo, ingkang gambaraken tiyang ingkang nguwaosi ngelmu kanuragan lan nggadhahi badan  ageng, rambut ing jaja, kumis lan jenggot lan socanipun serem. Pramila samenika ugi kados mekaten. Menawi warok ingkang boten gadhahi, kedah dipun riyas amrih jumbuh kaliyan warok jaman rumiyin. Ananging menawi gerakanipun adhedhasar ngelmu ghaib, sakderengipun badhe gladi Ki Parjan ngrawuhaken roh-roh ghaib supados mlebet wonten ing jasadipun, sanalika Ki Parjan kesurupan lajeng nari, tariyan punika dipun emud-emud dwija sanesipun nembe dipun wulangaken.
 Dk. Tayeman Ds. Kopeng Kec. Getasan Kab. Semarang, setunggaling dukuh ingkang taksih nguri-uri budaya tari Warok ingkang adatipun kangge ngregengaken dinten-dinten tartamtu. Kadosta saparan, dinten ambal warsa RI ugi dinten-dinen sanesipun ugi saged giyar wonten ing pahargyan. Padatanipun jumlah paraga wonten 12 tiyang ugi kadang langkung ingkang dipun paragakaken priyayi-priyayi kakung. Giyaran tari Warok kairing kanthi gendhing-genghing jawi. Ugi kedah wonten pawangipun awit kesenian punika wonten gegayutanipun kaliyan roh ghaib, pramila pawangipun ingkang dados tanggel jawabipun.
            Miturut Ki Sukimin ugi Ki Wardi warga Dk. Tayeman ugi minangka pawangipun, kesurupan Tari Warok punika amargi wontenipun roh ghaib ingkang mlebet wonten ing badan penari, saengga penari boten sadar ugi tingkah laku ingkang aneh. Saged dados estri ugi wonten ingkang kados macan,kethek lsp gumantung roh ingkang mlebet. Sejatosipun ancasing kesuruppan punika kangge ngregengaken giyaran supados saged ngremenaken pamirsa.
            Kesurupan punika pesti sakbibaripun tarian purna, awit sampun dados kontrak maen utawi kasarujukan antawisipun pawang lan ruh ingkang badhe ngrasuki paraga tari. Pramila sedaya paraga menawi sampun purna anggenipun tari langsung cepet-cepetan ngantos tabrakan medal saking lokasi tari supados boten kesurupan.
            Ugi dados kontrak maen, sakdanguning roh kalawau mlebet dhateng raga paraga pramila kedah kairing gendhing.
            Anggenipun ngrasuki paraga, ruh kalawau madosi ingkang dipun remeni kanthi cepet kadya kilat kang lagi nyambar, dados paraga ingkang jatah kesurupan boten saged ngelak saking ruh kalawau. Menawi sampun mlebet sanalika paraga boten sadar awit raganipun sampun dipun kuwaosi dening ruh ghaib.
            Roh mlebet ing raga wonten ingkang setengah badan wonten ugi ingkang sedaya badan, menawi karasukan setengah badan paraga kalawu badhe bengok-bengok kasakitan, nanging menawi mlebetipun sedaya badan paraga punika boten bengok-bengok kepara brubah dados cewek, cowok, kadang ugi dados kethek.
            Nalika paraga kesurupan biasanipun pamirsa tari sami gumun, ngungun ugi remen ananging wonten ugi pamirsa boten pitados kaliyan paraga punika, pramila biasanipun pawang badhe mecuti paraga ingkang kesurupan kanthi saestu amrih kapitadosanipun pamirsa. Punika minangka salah setunggaling atraksi ingkang sae ingkang dipun gadhahi tai warok.
            Sakbibaripun atraksi lajeng pawang nyadharaken paraga kanthi pecut ingkang nggadhahi pangaribawa ageng. Anggenipun nyadharaken boten langsung sedaya paraga dipun sadharaken awit betahaken kekiyatan ingkang ageng, pramila kedah ngaso sawetawis supados kekiyatanipun sampurna malih. Mekaten ugi gendhingipun, amrih boten dukanipun para lelembut menawi pangrawit sayah digantos langgam campursari utawi dangdut. Menawi boten mekaten roh kalawu badhe duka lan saged abrik-abrik gamelan sak pangrawitipun.
Roh ghaib punika boten rawuh kiyambak ananging dipun rawuhaken dening pawangipun sakderengipun giyaran. Lan anggenipun ngrawuhaken ugi wonten tatacara ugi ubarampenipun.

1.Tata Cara
Sakderengipun giyar, minangka pawang kedah ngayahi jejibahane langkung rumiyin nggih punika nyiapake ubarampe kangge ngrawuhaken roh ghoib. Malam giyaran tabuh 12 dalu pawang kedah tapa brata wonten ing lepen ugi punden kakanthi sesaji lan pecut. Wosipun tapa punika nyuwuh idin pangestu kalih ingkang bau reksa lepen ugi punden awit kerana badhe ngawontenaken giyaran ugi kerana badhe ngrawuhaken roh ghaib.
            Ruh ingkang badhe karawuhaken punika sampun tepang kaliyan pawangipun ugi wontan kontrak main kaliyan pawang, inggih punika boten pikantuk mlebet ing raga penari sakderengipun tari purna. Dados wonten ruh ingkang duka menawi boten dipun rawuhaken nalika giyaran. Ibarat manungsa menawi boten dipun undang nalika saudaranipun ingkang syukuran, pestinipun ngraos jengkel.
            Bibar nyuwun idin, para pawang maos mantra ingkang saged ngrawuhaken roh ghaib kanthi batin. Ngendikanipun Ki Sukimin, awit roh menika beda-beda asalipun,dados anggenipun ngrawuhaken ugi giliran. Roh saking kajeng, roh saking siti, ugi wonten ruh saking toya lsp, karawuhaken kanthi giliran.
            Ruh ingkang karawuhaken kalawau mlebet wonten ing sesaji, sanesipun mlebet ing pecut kalajengaken sesaji lan pecut kalawau dipun betha wangsul kadekek wonten ing sisih lapangan tari ugi sesaji sanesipun wonten ing pawon.
            Sakderengipun pentas, sedaya paraga kedah nginum toya kembang, amrih kajagi saking balak ingkang boten kanyana ugi minangka tanda dhateng roh ingkang badhe ngrasuki, bilih tiyang ingkang nginum toya kalawau paraga ingkang pikantuk dipun rasuki.
            Purna giyaran, pawang ugi taksih gadhahi ayahan inggih punika bucal kembang petak lan abrit wonten ing plataran ugi mangsulaken roh wonten ing asalipun kanthi mantra ugi batin. Roh ingkang saking kajeng kedah dipun wangsulaken dhateng kajeng, ingkang saking siti ugi kawangsulaken dhateng siti, lsp.

2. Sesaji tuwin Ubarampenipun
            Sesaji punika sarana kangge ngrawuhaken roh ghaib ingkang gadhahi ubarampe werni-werni. Kadosta: Sega tumpeng, kembang petak lan abrit, degan, pisang sacengkeh, tukon pasar, wedang kopi, rokok, dupa lan kemenyan.
            Sega tumpeng pralambang keslametan, kembang setaman lan dupa pralambang kangge ngempalake ghaib, jenang abrit lan petak pralambang ngresiki papan ugi kawontenan saking balak, degan pralambang jagi paraga, pisang selirang kangge gegenep, tukon pasar pralambang ngrenggo pawon, wedang kopi lan rokok kangge ingkang bau reksa lepen lan punden.

3. Mupangatipun Tari Warok Tumprap Bebrayan
a. kangge nguri-uri budaya jawi
b. kangge panglipur bebrayan ageng
c. kangge mengeti ambal warsa RI,pahargyan penganten,kithanan, lan sakpanunggalane.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar