Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak :
- Critane ringkes
- Gegayutan karo lelakone manungsa
- Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara
Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak :
- Tema : gagasan penting sajroning crita
- Alur/plot : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas
- Penokohan : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga
- Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita
- Amanat : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita iku
Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegese unsur-unsur kang mbangun crita saka jroning crita kasebut.
0 komentar:
Posting Komentar