Percaya marang Aku, Fic..
Lah… Judeg tenan atiku. Ora bakal aku njagong sebangku maning karo pager sing mangan tanduran. Menawa wedhus aku isih maklum, wong wedhus pancen mangan tandhuran. Lha pager? Bisa-bisane mangan tandhuran.
“Vi..” swara seru rada kasar ngagetake Alvie. Alvie malikake awake ngadhep tekaning swara. Wis ngadheg nang mburine ana Fica kang nganggo rai sepet campur jengkel angel disawang. Alvie mung mesem sinambi mbatin, ”mesti ana masalah iki bocah”. “Ngapa prengas-prenges! Kaya ora duwe salah!” ngomonge Fica kanthi sak kelas nglinguk kabeh. Fica nesu marang Alvie? Sak kelas bingung campur getun. Menawa ora weruh dhewe ora bakal percaya. Sak SMA 2 Batang ngerti kabeh sapa kuwi Alvie Kurniawati karo Septi Isnaeni Fica Fadlilah. Wong cah loro kuwi wis kaya sedulur, rana-rene reruntungan bareng. Nganti ana sing nelah “Kembar Siam” marang cah loro adedhasar cah loro wie raket nemen. Lha saiki?
“Aku ora mudheng kang kowe omongke Fic,” kandhane Alvie ngedhem-dhem.
“Menawa aku ngomong iki bab Ardhi, kowe nembe mudheng?” sinaya mesem kecut. “Ardhi? Dadi iki masalah bab Ardi?,” Alvie mbatin.
“Heh, aku takon marang kowe!!,” Fica selak tambah sewot.
“Iki mesthi salah paham, ” batine.
“Sabar Fic, iki mesthi mung salah paham”.
“Salah paham apane!! Ora usah nutup-nutupi atimu sing kaya bangke!”.
Dheg.. kaget nemen Alvie krungu omongane fica nembe. Jan ora tau Fica ngomong kasar kaya nembe. “Segedhe apa si salahku nganti kanca raketku ora percaya maneh karo aku”.
“Ngapa si kowe kudu menikam dari belakang? Ngomong apik-apik wae aku ya bakal bisa ngerteni perasaane kowe! Ora kaya iki carane!” Alvie sih rung mudheng Fica ngomonge mlakune meng ngendi.
“Maksude kowe apa si? Kok nyangkut-nyangkut perasaanku mbarang? Ngawur kuwi ngomongmu”, Alvie melu nesu.
“Isih takon! Kowe uga seneng kan karo Ardhi?” kandhane Fica, kang nggawe jantunge Alvie arep menculat saka panggonane.
“Teng..teng..”, beja bel mlebu muni. Alvie njupuk tase arep diselehake nang meja. Nanging Fica langsung nyekel tangane sinambi nyawang sengit ora ketulungan. “Aku sungkan njagong karo pager sing mangan tandhuran. Menawa kowe wedhus aku isih maklum, soale wedhus pancen mangan tandhuran. Lha nek pager? Kowe pengen ngerti? Lha kuwi kowe, pager mangan tandhuran!”. Alvie mung bisa meneng sinambi mlaku golek kanca kang gelem ijolan jagongan karo dheweke. Ardhi? Kok bisa-bisane? Iki mesthi gara-gara Ardhi. Kepriye wae carane, dheweke kudu ngrampungake masalah iki. Dheweke ora gelem kekancanane karo Fica bubar gara-gara cah lanang kang ora pantes ditresnani.
Pancen, telung dina wingi Ardhi teka menyang omahe. Ora nganggo basa-basi langsung wae ngomong menawa dheweke kuwi seneng marang awake. Ardi pacaran mung kanggo nyedhaki Alvie. Karoan pede ngomong dheweke ngerti menawa Alvie uga seneng dheweke.
“Wes.. kowe tampanana tresnaku. Mulai saiki dhewe pacaran wae. Soal Fica ora usah dipikiri. Dheweke kan kancamu, mesthi bisa ngerteni kok Vie,” ngomonge Ardhi enteng tanpa mikir kepriye perasaane Alvie pas iku.
“O… arep sephia-sephiaan iki ceritane?” Alvie takon marang Ardhi. Ardhi mung meneng, yakin nemen menawa Alvie gelem pacaran karo dheweke. “Oalah.. cah ora duwe isin,” Alvie mbatin.
“Kowe kuwi cah ko bejat temen ta! Ora duwe isin. Menawa Fica ngerti aslimu, dheweke mesthi ora bakal gelem karo kowe!” saut Alvie nesu.
“Dadi kowe ora gelem karo aku? Oke, elingana. Delok wae mengko, sapa sing bakal dipercaya marang Fica. Kowe apa aku!”. Klepat, Ardhi lunga numpak motore. Mung ninggalake kebul saka knalpot motore.
Alvie nembe kemutan. Jebul iki ta artine omongane Ardhi winginane. Dheweke arep misahake Fica karo awake. Ngracuni pikirane Fica nganggo ngomong menawa awake arep ngrebut Ardhi saka Fica.
“Sek Fic, aja ditutup hapene. Aku arep ngomong marang kowe. Arep tak jelaske kabeh Fic,” njaluke Alvie.
“sak durunge kowe ngomong, aku sing pak ngomong sek! Ora usah diselo. Apa tau aku gawe lara atimu? Apa tau aku njahati kowe. Ora perlu dijawab, arep tak jawab dhewe. Ora tau kan!! Apa si sing kurang saka aku? Kowe susah ya aku nang sisihmu. Nanging nangapa kowe kaya kuwi marang aku, hah!” swara saka sebrang.
Atine Alvie kaya disuwek-suwek, dicakar lan diiris-iris. Tangane ora kuwat maneh nggoceki hape. Mung diselehake, ora mikiri Fica kang ngadili awake sakarepe dhewene. Percuma ngomong karo Fica, dheweke ora bakal gelem ngrungokake penjelasane.
“Kepriye? Siap dadi sephia?” ngecene Ardhi marang Alvie nalika Alvie sore iku nekad marang ngomahe Ardhi. Alvie mung mandheng kanthi sengit tekan mbun-mbun sirahe.
“Ala temen si kowe. Caramu licik, ngancurake kekancanane aku karo Fica. Salahku apa marang kowe, Dhi?”.
“Salahmu ora akeh tah. Mung siji, yaiku ora gelem dadi pacarku,” tandhase Ardhi. “Menawa Fica ngerti, mesthi dheweke ora gelem karo bocah kayak kowe Dhi.”
“Buktine dheweke gelem. Nganti seprene ora tau ana sing ora gelem karo aku. Mung kowe!”.
“Aku dudu bocah goblog sing bisa kowe bodhoni kaya liyane”.
Bocah loro mau ora ngerti menawa jebule Fica wis ana ing kono. Fica nggandheng tangane Alvie. Ardhi jan kaget ora karuan jebul Fica wis ana ing kono embuh saka kapan.
“Aku pancen goblog Vie wis gelem karo cah bejat kaya kuwi!!” omonge Fica karo mandeng marang Ardhi kang gemlasah ora karuan.
“Aku wis krungu kabeh apa kang mau diomongke. Ora nyana jebul aku wis diapusi karo kowe Dhi!! Wis ayo Vie, lunga saka kene,” ujare Fica sinaya nggered Alvie metu saka omahe, ninggalake Ardhi kang bingung campur wirang.
Nang dalan, Fica terus-terusan wae njaluk ngapura karo Alvie. Alvie mung bisa mesem, seneng masalahe bisa kelar sanajan ora kudu njelasake marang Fica. Sore iku Fica nguja arep menyang omahe Ardhi kanggo njaluk penjelasan saka Ardhi. Nanging arep mlebu Fica krungu swarane Alvie kang lagi padu karo Ardhi. Dadine dheweke mung nang njaba sinambi ngrungokake kabeh kang diomongake cah loro.
“Ora gelo Fic bubar karo Ardhi? Ardhi kan ngganteng?” pitakone Alvie marang Fica. Fica mung meneng, ora semaur. Bingung karo perasaane dhewe. Mbiyen ya tresnane sak gedhen-gedhen ngungkuli gunung Slamet. Saiki banjur ngerti asline Ardhi, tresnane embuh mabur menyang ngendi.
“Ora lah, aku malah bersyukur ngerti sak durunge kabeh dadi bubur Vie,” ujare Fica mesem seneng.
“Lha bab kowe ngomong aku pager mangan tandhuran apa bener?” pitakone Alvie. “Ora Vie,” wangsulane Fica sinambi gedheg. “Ngapurane ya, gara-gara Ardhi aku ngomong sing ora-ora marang kowe. Kowe kuwi ta kancaku kang paling ngerti aku, he he,” Fica ngguyu.
“Brarti kowe kuwi dudu pager, nanging wedhus,” tambahe Fica karo ngguyu. Raine Alvie langsung semu abang. Ora apa-apa tah, mung Fica ngomong nang tengah angkot kang lagi ditumpaki. Ya wong sak angkot mung mandheng sinaya nguyu cah loro kang saiki wis raket maneh.
0 komentar:
Posting Komentar