Jalaran Tresna Bandha
anggitan Yunita Dyah Wahyuningrum
Bengi iki rinasa nglangut. Ora ana endahe sumunar wulan amarga mudhune udan bengi kang riwis-riwis. Kahanan sepi banget. Hawa tambah atis, anyep, njejet.
Kahanan mengkono gawe Anjani nangis sinambi mandhengi poto dheweke lan wong tuwane kang kinasih. Anjani isih kelingan pungkasan omong-omongan karo wong tuwane telung dina kepungkur.
Nalika iku wong tuwane pamitan karo Anjani arep tindak Jakarta saperlu ngurusi bisnise.
“Ndhuk, Ibu lan Bapak pamit ndhisik ya,” ngendikane ibune marang Anjani.
“Nggih Bu, ampun kesupen tumbaske oleh-oleh nggih!” ujare kenya umur 20 taun iku karo manja.
“Iya ndhuk, ora usah kuwatir. Kowe ning omah sing ati-ati ya! Latian mandiri. Aja kapancang karo Pak Truna terus. Bapak lan Ibu ora suwe ning Jakartane kok. Menawa ana apa-apa kowe tilpun wae!” pesene Bapake marang Anjani.
“Ya wis ya ndhuk, Ibu lan Bapak mangkat ndhisik amarga wis awan ben pesawate ora telat,” pamite ibune.
Anjani lan wong tuwane banjur pada salaman lan cipika cipiki sakdurunge wong tuwane mlebu maring montor kang arep ditumpaki menyang bandara. Montor kuwi isih anyer gres, nembe tuku rong minggu kapungkur.
Wong tuwane Anjani, Pak lan Bu Bratawan kuwi sugih banget. Omahe gedhe lan amba, montore jejer ana lima ing garasine. Perusahaane uga akeh lan ana ning ngendi-ngendi, mula Pak lan Bu Bratawan misuwur dadi wong kang paling sugih ing kutha Yogyakarta. Sanajan sugih nanging Pak lan Bu Bratawan kuwi ora sombong, seneng tetulung marang sapa wae sing butuh pitulunge. Akeh wong kang seneng marang wong lorone uga karo Anjani.
Durung nganti tekan anggone lunga menyang Jakarta, Pak lan Bu Bratawan uga supire tiwas ing kacilakaan sakdurunge tekan bandara. Montor sing ditumpaki ringsek, ajur karo wonge uga.
Kelingan perkara kuwi, tangise Anjani saya banter. Dheweke ora bisa turu mikiraken wong tuwane kang wis ora ana ing donya iki. Apa Kenya kuwi bisa nerusake uripe uga bisnise tanpa wong tuwane. Anjani ora duwe sedulur maneh. Dheweke mung anak sisi-sijine. Ning omah kuwi Anjani urip karo Mas Prasetio kang mas angkate, Pak Truna abdi satuhune, loro rewange, lan loro satpame. Biyen Prasetio diadobsi wong tuwane nalika isih cilik saka panti asuhan amarga Anjani kepengin nduwe kang mas.
Esuk-esuk Anjani wis ketekan tamu. Tamu kuwi dudu sembarang tamu. Wong lanang isih enom kang awake bregas. Sorot matane nggawe tentrem atine Anjani. Pejaka kuwi jenenge Afrizal, polisi kang diutus nglaporaken marang Anjani sebabe kacilakan kang nimpa wong tuwane.
“Mbak Anjani, Pak lan Bu Bratawan tiwas ing kacilakan amarga rem montoripun blong,” laporane Afrizal.
“Kok saged mekaten mas? Montoripun rak taksih enggal?” pitakone Anjani karo bingung.
“Wonten ingkang sengaja ndamel rem montoripun blong, ananging tim kepolisian dereng mangertosi sinten pelakunipun.”
Anjani lan Afrizal banjur omong-omongan babagan kuwi uga babagan liyane. Wong loro kuwi dadi akrab banget.
Sakpamite Afrizal bali menyang kantor polisi , pikirane Anjani mlayu-mlayu ngluru sapa sing tega nggawe cilaka wong tuwane. Anjani curiga marang Pak Truna, sanajan dheweke wong kepercayan wong tuwane. Kahanan omah iki sing ngurusi Pak Truna kabeh. Bisa wae Pak Truna sengaja mejahi wong tuwane kanggo nguwasai harta bandhane. Pikirane Anjani terus wae muter-muter nganti dheweke turu anglas.
Nalika jam siji bengi, Anjani nglilir amarga krungu swara gemlothak. Ing njaba kamar kaya ana wong mlaku. Anjani tangi, ora lali ngesak hp ing kathoke. Anjani mbuka lawang, kenya iku kaget weruh Pak Truna ing ngarep kamare kang uga kaget weruh Anjani.
“Wonten napa Pak Truna ndalu-ndalu teng mriki?” pitakon Anjani karo wedi.
“Kula boten saged tilem diajeng. Kawit mau raose boten sekeca, mula kula lajeng mriksa griya punika,” ujare Pak Truna.
Anjani wedi marang Pak Truna. Sapa ngerti dheweke arep mateni Anjani ben bisa nguwasi harta bandhane Pak lan Bu Bratawan.
“Pak Truna, kala wau enjing wonten polisi ingkang rawuh menika seperlu nglaporaken bilih wonten ingkang sengaja ndamel rem montoripun Bapak Ibu blong merga tiwas ing kacilakan,” ujare Anjani.
“Diajeng kok nembe kemawon cariyos? Lajeng sinten ingkang ndamel remipun blong?” pitakone Pak Truna.
“Polisi dereng ngertos, taksih dipunselidiki dening mas Afrizal,” wangsulane Anjani.
Grobyag! Ana swara barang runtuh saka buri lemari cedhak undhak-undhakan. Aku lan Pak Truna kaget banjur nyawang mrana.
“Wonten napa Pak? Sajak kok wonen sing obah? Kordene uga obah padahal ora ana angin?” panylethuke Anjani.
Pak Truna gage marani ing sumber swara mau. Sajak ana barang kang kudu dideleng, ditiliki, yen ana wonge perlu dicekel, ditangkep. Ora pati ketok jelas amarga peteng, lampune mati. Anjani nginthili Pak Truna karo nelpon Afrizal supaya teka.
Dumadakan, saka buri korden cedhak lemari metu wonge banjur gage mlayu medhuni undhak-undhakan. Wong mau nganggo klambi sarwa ireng malah uga nganggo tutup sirah. Pak Truna banjur ngoyak medhun wong mau. Anjani mung bisa keweden.
“Diajeng Anjani mlebet kamar mawon,” jerite Pak Truna karo mlayu medhun.
Anjani ora langsung mlebu kamar, dheweke marang kamare mas Prasetio ndhisik jaluk tulung. Anjani kaget amarga mase ora ana ing kamare. Anjani banjur mlebu kamare dhewe, lawange dikancing rapet.
Ing ngisor Anjani krungu wong bantah-bantahan. Genah Pak Truna ketemu karo wong liya ing ngisor. Apa wong sing mlayu ndhisik mau? Sajak padha padu. Ragejegan lan rame banget, nanging ora jelas padha ngomongke apa. Banjur padha meneng, ganti polah. Ganti swara bekah bekuh sajak padha adu kekuwatan. Banjur ana swara beling pecah. Pyar! Banjur sepi. Sepi sewetara wektu, banjur ana swara wong njerit ping pindho. Sepi meneh, padha menyang ngendhi wong-wong mau? Kepriye kahanane Pak Truna? Kenya kuwi kepengin metu nanging ora wani. Nomer hapene Afrizal ditilpun bola-bali ora diangkat.
Anjani banjur nekat metu saka kamar. Alon-alon Anjani medhun nuruti undhak-undhakan. Dheweke mung bisa pasrah. Barang tekan ngisor, Anjani kaget weruh ana wong telu ndlosor ing jogan. Sing siji yaiku Pak Truna, dene sing loro rewange. Wong-wong kuwi wis padha adus getih. Anjani nangis lan njerit sakbanter-bantere.
Anjani ora krasa yen ing mburine ana wong kang nginjeni dheweke. Anjani disikep marang wong kuwi nganti ora bisa obah. Kenya iku ora bisa nglawan amarga tangane wong mau luwih kuat.
“Aku arep mateni kowe dek!” ujare wong mau.
Anjani ngenali swara kuwi. Swarane mas Prasetio.
“Kowe to mas jebul sing mejahi Pak Truna?” pitakone Anjani.
“Ora mung Pak truna, nanging Bapak Ibumu uga aku sing mateni. Aku sing gawe rem montore blong. Hahaha...”
“Dasar wong edan. Air susu dibalas dengan air tuba. Apa sing diparingi Bapak Ibu ora cukup mas? Jahat tenan kowe mas!” ujare Anjani karo nangis.
“Ora cukup dik. Aku butuh hartamu kabeh ben aku dadi wong sugih sak-Yogyakarta. Wis ora usah kakehan omong, saiki giliranmu nusul wong tuamu menyang akherat!”
Prasetio nyekik gulune Anjani. Ora ngerti, saka buri wis ana Afrizal kang arep nulungi Anjani. Sirahe Prasetio dipenthung nganggo kayu nganti kelaranen lan nguculke Anjani. Ora lali Anjani nendhang selangkangane Prasetio nganti nglarah ing jogan. Banjur polisi-polisi sing teka karo Afrizal mborgol tangane Prasetio lan digawa menyang kantor polisi.
Anjani banjur nyikep awake Afrizal kang bergas karo nangis.
“Maturnuwun mas, panjenengan sampun nulungi kula,” ujare Anjani sesenggukan.
“Ora usah sungkan dek, iki wis dadi tugasku. Aku seneng bisa nulungi dek Anjani.”
“Saiki aku wis ora duwe sapa-sapa maneh. Wong-wong sing daktresnani wis dipejahi mas Prasetio kabeh.”
“Dik Anjani isih duwe aku. Aku arep ngancani kowe nganti kaki nini mengko.”
Wong loro kuwi banjur mesem, isin marang awake dhewe-dhewe.
0 komentar:
Posting Komentar