Tuladha Pawarta



Tuladha pawarta:

Sugeng siyang pamirsa

Kula Indra Birawa badhe maosaken pawarta dinten menika wonten ing Warta Kilat.
Embung Unnes sakmenika sampun dados panggenan ingkang dipunengsemi tukang mancing saha mahasiswa Unnes. Embung ingkang wiyaripun setunggal lapangan bal-balan menika, menawi sonten kebak dening tiyang ingkang badhe mincing amargi sampun dipunuculaken kalih dasa ewu winih iwak mujaer dening pihak Unnes. Sahengga embung kathah dening iwak sakaliyan tiyang ingkang badhe mancing wonten mrika.

Humas Unnes, Sucipto Hadi Purnomo ngendikan, babagan embung sakmenika pancen leres sampun dipundamel kagem panggenan rekreasi. Pandamelan embung sakmenika inggih salah setunggaling program Unnes konservasi ingkang sampun nelasaken ragat nematus wolung dasa pitu juta sewidak ewu rupiah.

Miturut pembantu pelaksana proyek saking CV Duta Muda indah, Slamet Widodo, embung dipundhamel kangge madahi toya wonten unnes saenggo boten banjir rikala mangsa udan. Proyekipun wonten seket dinten ingkang sakmenika dipungarap gangsal welas tiyang dipunbiyantu eksavator, buldoser kaliyan vibro.

Cekap semanten warta saking kula. Pepanggihan setunggal jam malih wonten Warta Kilat.





Kanggo latihan, pawarta ing dhuwur bisa dirungokake kanthi audio ing ngisor iki.





Utawa bisa didownload format audio saka link iki.





  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar