Pawarta

Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan. 
Wujud pawarta bisa lesan lan tulisan.
- Lesan : bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.
-Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.

Pawarta kang kagiyarake maneka warna, mula saka iku pamigati pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Uga akeh kabar kang isine milut kawigaten (promosi). Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bias katemokake ing medhia massa. Dadi, pamigati kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake.
Unsur pawarta ana 5, biyasa disebut nganggo istilah 5W+1H. Apa kang diwastani 5W+1H? Bisa diwaca ing link iki.


Nah, wis ngerti ta apa kang diwastani pawarta? Kanggo tambahan, bisa diwaca lan dirungokake tuladhane pawarta. Tuladha pawarta bisa kosemak saka link ing nggisor.



Bibar nyemak tuladha pawarta, saiki wayahe kanggo gladhen sinau nyemak. Klik link Gladhen kanggo gladhen, banjur menawa wis rampung, buka link Tugas kanggo digarap dhewe-dhewe.


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar