Pranatacara saha Pamedharsabda

Tegesipun Pranatacara saha Pamedharsabda
Pranatacara asring sinebat master of ceremony (MC) pambyawara, pranata adicara, paranata titilaksana, utawi pranata laksitanibg adicara. Regeng, rancag, nges, lan botenipun satunggaling adicara seperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, utawi pentas (show) , lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan , lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

Pamedhar sabda inggih punika paraga ingkang kajibah mbabar satunggiling prekawis ( wacana ). Ing tata upacara panghargyan pamedharsabda mundhi dhawuhipun ingkang hamengku gati, upaminipun paraga ingkang kajibah ngaturaken pambagyaharja, utawi ingkang kajibah ngaturaken panuwun dhateng para takziah ingkang sampun ndherek bela sungkawa
(wakil kulawarga), atur pambela sungkawa wakil saking para takziah, utawa atur panglibur dhumateng kulawarga ingkang nandhang dhuhkita.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar