SIJI SURO

SIJI  SURO

wit-witan jumedhul saka ngakasa
maneka warna godhong lan woh-wohane
kebak aksara kang wis katulis
bisa diwaca lan ora bisa diwaca
kadhang katon kadhang ora
gumantung padhanging netra

banyu segara malih dadi seksi
kanthi cahya kang madhangi
kitab adammakna
tan ana kang keri
tan ana kang keliwatan
kacathet nora bakal ilang

mbulan wis katon ngilo ana tlaga
nggawa dluwang resik tanpa aksara
kumleyang sakdhuwure sirah
mabur sakparan-paran
angiteri jagad 

anggitan : Budhi Setyawan

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar