POLA PEWARISAN WONTEN ING PEKALONGAN


POLA PEWARISAN WONTEN ING PEKALONGAN

Warisan inggih punika bab-bab ingkang wonten kaikete kalian waris lan warisan. Wonten agama Islam, Ilmu warisan dipunsebat “Ilmu Faraid”. Ilmu Faraid inggih punika ilmu pengetahuan ingkang maparake cara-caranipun mbagi bandha ingkang dipun tilar dening tiyang dhateng ahli waris ingkang nggadhahi hak nrima. Wonten daerah Pekalongan, caranipun mbagi warisan ngagem aturan agama Islam “sepikul kalian segendhong ” inggih punika tiyang jaler angsal kalih bagian, lajeng tiyang estri angsal setunggal bagian.
            Dadosipun, ingkang jaler angsal warisan kaping pindhonipun tiyang estri. Menika sampun ngagem aturan islam. Tuladhanipun wonten tiyang pejah, gadhah 300 juta kaliyan putranipun kedhana-kedhini, mbaginipun ingkang jaler angsal 200 juta ingkang estri angsal 100 juta. Menawi ingkang jaler melas kaliyan ingkang estri, ingkang jaler saged maringi harta warisanipun ananging ngagem istilah hibah utawi peparing.
 Ananging wonten kemawon daerah wonten ing Pekalongan ingkang sakwalikipun. Menika daerah bagian kilen wonten ing Pekalongan. Wonten ingkang mbagi warisanipun ingkang tiyang estri ingkang angsal bhagian kaping kalihipun tiyang jaler. Mbaginipun miturut kaluwarganipun piyambak-piyambak. Saumpaminipun, tiyang ingkang sampun tilar donya nggadhahi lahan 4 Hektar lan nggadhahi 3 putra, jaleripun kalih lan estrinipun setunggal. Lajeng mbaginipun : sedaya putra jaler piyambak-piyambakkipun angsal 1 Hektar, dene putra estrinipun angsal 2 Hektar. Menika menawi ahli warisan sanesipun boten dipun ndherekake.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar