Cah ayu
Cah ayu
Esemmu nggawa atiku
Mabur ngawang awing nang langit kapitu
Cah ayu
Netramu nggeret awakku
Mlebu donya semu
Donya katresnan tinuju
Cah ayu.. Cah ayu
Jan aku tresna sliramu
Wes kebak sirahku
Marang wangi sliramu
Kang tansah kumlebat
Ing njero manah
Kang tansah sliweran
Ing njero samodra kasih kinasih
Cah ayu
Tresnaku mbledhos gunung
panas
Tresnaku banjir bandang
banjir bandang banjir bandang banjir bandang
Ora bakal bisa diadang
mung bisa disawang
Cah ayu
Iki tresnaku
Iki mung pangocapku
Kang ana njero atiku
Durung kelakon lakuku
Mung bisa kocap rikala turu
Sing agawe gela atiku
Semarang, pungkasan 2008
0 komentar:
Posting Komentar